Lorem ipsum dolor sit amet, consectetuer adipiscing elit. Duis ligula lorem, consequat eget, tristique nec, auctor quis, purus. Vivamus ut sem. Fusce aliquam nunc vitae purus.
Jroning nampa pepesthen puniki Wajibira mung nuhoni dharma Apan wus dadi kodrate Lelaku jro lumaku Titi tata tatag ing batin Nggayuh yuning bebrayan lahir trusing kalbu Mula lumaku makarya Antepira sepi pamrih lahir bathin Makarya tan akarya
Sakehing kan dumadi makardi Lir Hyang Widhi kan tansah makarya Nguribi jagad tan leren Surya, candra lan bayu Bhumi tirta kalawan agni Paparing panguripan Mring pamrih wus mungkur Anane nuhoni dharma Iku dadya "sastra cetha" tanpa tulis Nulat lakuning alam