About Me
Name: Rizky Gadis Belia
Home: JOGJA, Indonesia
About Me: judez+jutek+tledor
See my complete profile
Previous Post
Archives
Shoutbox

Lorem ipsum dolor sit amet, consectetuer adipiscing elit. Duis ligula lorem, consequat eget, tristique nec, auctor quis, purus. Vivamus ut sem. Fusce aliquam nunc vitae purus.

Links
Powered by

Blogger Templates

BLOGGER

 

 

 
  Senin, 28 Februari 2011  
 
 
KERIS
Keris utawa tosan aji utawa curiga iku salahsiji senjata tradhisional masyarakat Jawa uga dadi salah siji lambang paripurna wong lanang seliyane turangga, wisma, wanita lan kukila. Curiga utawa keris iku nduwe makna jantan, perkasa lan dewasa, utawa wong (lanang) Jawa iku kudhu tangguh, sanggup nglindungi awake dhewe, kaluargane lan mbela negara.
Urung ana kasil penilitian sing brasil nento'ake kapan wong Jawa wiwit kenal keris, ning keris Jawa wis nduwe wujud sempurna wektu jaman karajan Majapahit. Ing jaman mbiyen, keris iku dadi lambang kepangkatan uga isa dadi hadiah paling istimewa utamane yen hadiah keris saka raja.
Fungsi
Jaman saiki fungsi keris wis kurang, umume mung dadi barang koleksi uga kanggo perlengkapan upacara-upacara lan ritual adat. Yen jaman mbiyen seliyane nduwe fungsi senjata, keris uga isa kanggo tandha status sosial, jenjang pangkat uga hadiah. Keris neng jaman mbiyen uga isa dadi simbol peseduluran sing ditandhai upacara tukar-tukaran keris, malah iki dadi simbol peseduluran sing paling dhuwur.
Neng praktek-praktek sing sifate mistik, keris dianggep azimat lan media/umah roh makhluk gaib.
Bagian-bagian
Keris nduwe 3 bagian utama, uga keris Jawa. Masing-masing bagian iku nduwe bagian-bagian maneh sing luwih detail sing wujude umume ukiran. Ukiran neng bagian-bagian keris Jawa nduwe makna lan karakter sing seje-seje.
Wilah
wilah utawi pesi menika bagian utaminipun keris. bahan kagem wilah menika dipun damel saking macem-macem bahan, namun ingkang umum saking besi utawi baja. proses ndamelipan ngagem teknologi lipat, yaiku besi utawi baja dipun panasi, ditempa, ditekuk, dipanasi, ditempa, ditekuk ngoten terus ngantoa katah lipatanipun. jumlah lipatanipun menika saking 16 liapatan (keris-keris blambangan)ugi ribuan lipatan (keris majapahit, mataram lan sapanunggalanipun. amargi proses menika, ndadosaken wilah keris kuat sangat, teknologi menika ugi dipun terapaken wonten industri plywood.
Warangka
Warangka iku sarunge keris utawa cara gampange wadhahe keris.Warangka keris iku dumadi saka perangan-perangan pokok, ing antarane pendhok, mendhak,gagang lan warangka iku dhewe. Yen miturut jinise warangka keris iku ana loro, yaiku, warangka gayaman lan warangka ladrang.Warangka gayaman lan ladrang iki wujude uga ana loro, yaiku gayaman gaya Ngayogyakarta lan gayaman gaya Surakarta. Semono uga warangka ladrang, uga dumadi saka rong corak utawa gaya,yaiku cara Ngayogyakarta lan cara Surakarta.
Gaman
gaman utawi gagang menika bagian ingkang dipun genggam, panggenanipun wonten ngandap wilah/pesi, fungsinipun kagem nyekeli wilah lan kagem dipun cekel ngagem tangan
Pamor
Sejatine pamor iku gambaran/kesan utawa "image" wingit sing timbul saka ukiran sing ana neng wilah keris utawa senjata tradhisional liyane. Gambaran wingit iki timbul saka kasil tempa campuran tosan sing dadi bahan dhasar kanggo nggawe/nempa keris . Elmu pamor neng senjata iki mung dikuasai dening para mpu.
posted by Rizky Gadis Belia @ 22.05   0 comments
 
 
   
 
 
UPACARA ADAT JAWA (KLAIRAN BAYI)
1. Mendhem ari-ari
Mendhem ari-ari iku salah sijining upacara kelairan sing umum diselenggara'ake malah uga ana neng dhaerah-dhaerah (suku-suku) liya. Ari-ari iku bagian penghubung antara ibu lan bayi wektu bayi esih neng jero rahim. Istilah liya kanggo ari-ari yaiku: aruman utawa embing-embing (mbingmbing.
Ing Jawa ana kapercayaan seulur papat, kakang kawah adhi ari-ari, ibu bumi, bapa angkasa. Wong Jawa percaya yen ari-ari iku sejatine salah siji sedulur papat utawa sedulur kembar si bayi mulane ari-ari kudhu dirawat lan dijaga misale enggon kanggo mendhem ari-ari iku diwei lampu (umume senthir) kanggo penerangan, iki dadi simbol "pepadhang" kanggo bayi. Senthir iki dinyala'ake nganti 35 dina (selapan).
2. Brokohan
Brokohan iku salahsijining upacara adat Jawa kanggo nyambut kelairan bayi. Upacara adat iki ndu
Tujuan
Upacara brokohan tujuane kanggo keslametan proses kelairan uga perlindungan kanggo bayi lan kanggo harapan bayi sing lair isa dadi bocah sing apik perilakune.
Rangkeyan upacara
Upacara diwiwiti saka mendhem ari-ari sing dilanjutake bagi-bagi sesajen brokohan kanggo sedulur lan tangga.
Tata cara
Ari-ari dikumbah nganti resik dilebo'ake neng kendhi utawa bathok kelapa. Sedurung ari-ari dilebo'ake, alas kendhi diwei godhong senthe banjur kendhine ditutup nganggo lemper sing esih anyar lan dibungkus kain mori. Kendhi banjur digendhong, dipayungi, digawa neng lokasi penguburan. Lokasi penguburan kendhi kudhu neng sisi tengen pintu utama umah.
Sing mendhem kendhi kudhu bapak kandung bayi.
3. Sepasaran
Sepasaran iku salah sijining upacara adat Jawa wektu umur bayi 5 dina. Upacara adat iki umume diselenggaraake sederhana ning yen bebarengan karo aweh jeneng bayi, upacara iki diselenggaraake radha meriah.
Tembung sepasaran dhewe asale sake tembung sepasar.
Sepasaran umum diselenggaraake sore nganggo acara kenduren lan ngundang sedulur uga tangga umah. Suguhan sing disajiake umume wedang lan jajan pasar ning uga ana besek sing umum kanggo ditentengan mulih.
4.Aqeqah
Aqeqah meniko nggih budoyo saking basa Arab, artinipun aqeqah piyambak meniko gadah arti rambut ingkang wonten kepalanipun bayi ingkang nembe lahir, lan aqeqah saged diartiken pemotongan. Aqeqah meniko piyambak menurut syariah Islam nggih memotong domba kange bayi ingkang nembe lahir. Kangge bayi ingkang putro dipotongaken mendho kalih, manawi dingge bayi putri dipotongaken mendho setunggal. Aqeqah meniko diagem kangge syukranipun putra-putri nipun piyambak.
5.uputan
Puputan utawa pupak puser, iku sejatiné nduwé makna tali puser bayi puput. Dadi upacara iki dianakaké wektu utawa bubar puputé tali puser saka udhel bayi.
6. Slametan
Biasané ana acara slametan ing upacara puputan iki, acarané yaiku kendhuren, bancakan lan awèh jeneng bayi. Upacara iki apik yèn diselenggara'ake bubar wektu maghrib.
Puputan bayi digolongke dadi 2, yaiku: 1. golongan bangsawan/kerajaan: Sega gudanga, jenang abang putih, 5 werna bubur, lan jajan pasar. 2. golongan rakyat biasa: Sega jangan, jenang abang putih, jenang boro-boro, lan jajan pasar.
7.elapanan
Selapanan dilakukan 35 hari setelah kelahiran bayi. Pada hari ke 35 ini, hari lahir si bayi akan terulang lagi. Misalnya bayi yang lahir hari Rabu Pon (hari weton-nya), maka selapanannya akan jatuh di Hari Rabu Pon lagi. Pada penanggalan Jawa, yang berjumlah 5 (Wage, Pahing, Pon, Kliwon, Legi) akan bertemu pada hari 35 dengan hari di penanggalan masehi yang berjumlah 7 hari. Logikanya, hari ke 35, maka akan bertemu angka dari kelipatan 5 dan 7. Di luar logika itu, selapanan mempunyai makna yang sangat kuat bagi kehidupan si bayi. Berulangnya hari weton bayi, pantas untuk dirayakan seperti ulang tahun. Namun selapanan utamanya dilakukan sebagai wujud syukur atas kelahiran dan kesehatan bayi.
Yang pertama dilakukan dalam rangkaian selapanan, adalah potong rambut atau parasan. Pemotongan rambut pertama-tama dilakukan oleh ayah dan ibu bayi, kemudian dilanjutkan oleh sesepuh bayi. Di bagian ini aturannya, rambut bayi dipotong habis. Potong rambut ini dilakukan untuk mendapatkan rambut bayi yang benar-benar bersih, diyakini rambut bayi asli adalah bawaan dari lahir, yang masih terkena air ketuban. Alasan lainnya adalah supaya rambut bayi bisa tumbuh bagus, oleh karena itu rambut bayi paling tidak digunduli sebanyak 3 kali. Namun pada tradisi potong rambut ini, beberapa orang ada yang takut untuk menggunduli bayinya, maka pemotongan rambut hanya dilakukan seperlunya, tidak digundul, hanya untuk simbolisasi.
Setelah potong rambut, dilakukan pemotongan kuku bayi. Dalam rangkaian ini, dilakukan pembacaan doa-doa untuk keselamatan dan kebaikan bayi dan keluarganya. Upacara pemotongan rambut bayi ini dilakukan setelah waktu salat Maghrib, dan dihadiri oleh keluarga, kerabat, dan tetangga terdekat, serta pemimpin doa.
Acara selapanan dilakukan dalam suasana yang sesederhana mungkin. Sore harinya, sebelum pemotongan rambut, masyarakat merayakan selapanan biasanya membuat bancaan yang dibagikan ke kerabat dan anak-anak kecil di seputaran tempat tinggalnya. Bancaan mengandung makna agar si bayi bisa membagi kebahagiaan bagi orang di sekitarnya.
Adapun makanan wajib yang ada dalam paket bancaan, yaitu nasi putih dan gudangan, yang dibagikan di pincuk dari daun pisang. Menurut Mardzuki, seorang ustadz yang kerap mendoakan acara selapanan, sayuran yang digunakan untuk membuat gudangan, sebaiknya jumlahnya ganjil, karena dalam menurut keyakinan, angka ganjil merupakan angka keberuntungan. Gudangan juga dilengkapi dengan potongan telur rebus atau telur pindang, telur ini melambangkan asal mulanya kehidupan. Selain itu juga beberapa sayuran dianggap mengandung suatu makna tertentu, seperti kacang panjang, agar bayi panjang umur, serta bayem, supaya bayi hidupanya bisa tenteram.
posted by Rizky Gadis Belia @ 21.59   0 comments
 
 
   
 
 
Upacara Adat Jawi (BAYI)
1.Tedhak sitèn

Tedhak sitèn utawa tedhak siti iku salah siji upacara adat Jawa kanggo bocah umur 7 wulan. Upacara iki ing dhaérah liya ing Nuswantara uga ana, contoné sing diarani upacara injak tanah ing dhaérah Jakarta déning suku Betawi utawa uga ana sing ngarani mudhun lemah.

Tedhak sitèn iku asalé saka tembung tedhak utawa idhak lan sitèn (saka tembung siti) utawa lemah (bumi). Upacara iki kanggo perlambang bocah sing siap-siap njalani urip liwat tuntunan wong tuwa lan diselenggarakaké yèn umur bocah wis 7 selapan utawa 245 dina (7 x 35 = 245).
posted by Rizky Gadis Belia @ 21.58   0 comments
 
 
   
 
 
Watek Jawa
Wong Jawa iku nduwé watek utawa karakter sing sumberé saka kahanan "slamet", dadi kabèh sing dilakoni kudu nglairak kahanan sing sarwa slamet. Kahanan iki mung bisa digayuh yèn kabèh pasangan (urip mati, lanang wadon, awan bengi lan liya-liyané) bisa harmonis. Kanggo njaga kahanan bèn tetep harmonis, wong Jawa kudu bisa ngoncati masalah sing bisa ngganggu kaharmonisan lan uga kudu isa isa ngatasi masalah kanggo mbalèkaké kaharmonisan sing wis keganggu. Tujuan pungkasan urip harmonis iku kanggo nggayuh cita-cita utama wong Jawa yaiku manunggaling kawula lan Gusti. Tujuan iki bisa digayuh yèn wong Jawa bisa dadi menungsa sing utuh utawa dadi Aji saka liwat ajaran Kalimasada.
Miturut Serat Wulangrèh[1], hubungan sosial isih ngugemi sipat tradhisional kanthi urutan miturut umur, pangkat, bandha, lan awu ’tali kekerabatan’. Konflik tinarbuka sak bisa-bisané diendhani. Donya lair kang ideal yakuwi donya kang saimbang lan selaras, kaya déné kasaimbangan lan keselarasan lahir lan batin. Urip ora bakal nandang cacat yèn batiné tetep waspada. Kawaspadan batin kang terus terusan iku bakal nyegah tingkah laku, wicara lan celathu sing kurang patut. Ngurangi mangan lan turu iku minangka latihan kang utama kanggo ngéntukaké kawaspadan batin. Saliyané kawaspadan batin uga diendhani watak sing ora becik, yaiku watak adigang, adigung lan adiguna. Suwaliké kudu miara watak “ rèh “, sabar lan “ ririh “ , ora kesusu lan ati-ati. Kelakuan kang nguntungaké awaké dhéwé lan ngrugèkaké liyan kudu diéndhani, ngapusi (dora), nyengit lan sawenang-wenang kudu diadohi. Yèn batinné wis waspada, tingkah lakuné kudu sopan, tingkah laku sopan yakuwi tingkah laku kang :
1. Deduga, “ ditimbang kanthi premana sadurungé nglangkah”
2. Prayoga, “ ditimbang apik alané “
3. Watara, “ dipikir matengsakdurungé mènèhi putusan “
4. Reringa, “ sakdurungé yakin tenan tumrap keputusané iku “

Candhi Borobudur ing punjering Tanah Jawa

[delikna]
• 1 Tata krama
o 1.1 Sing ana gegayutane karo sikap
o 1.2 Sing ana gegayutane karo wicara
o 1.3 Sing ana gegayutané karo ngabekti marang wong tuwa
o 1.4 Sing ana gegayutané karo sipat pemimpin Jawa
 1.4.1 Asthabrata
 1.4.2 Sipat Pemimpin Jawa liyané
• 2 Tata susila
• 3 Uga pirsani
• 4 Wacan
• 5 Pranala Jaba

Tata krama
Tata krama utawa etikèt iku norma-norma kanggo nata perilaku bèn isa santun. Sing ditata iku seliyané perilaku uga tutur basa. Sumber-sumber ajaran isa saka wongtua, kaluarga, lingkungan lan uga saka lakon-lakon pagelaran wayang. Neng lingkungan kraton, tata krama iki diterapake sacara ketat. Tembung-tembung: "mboten pareng" utawa "ora ilok" iku dadi tandha ana pelanggaran tata krama. Wong suku liya ngarani tata krama Jawa iku nduwe sifat "alus". Tata krama Jawa iku antarané:
Sing ana gegayutane karo sikap
• Yen lungguh, dengkul kudu rapet (tumrap wanita)
• Ora pareng mangan neng tengah lawang
• Ora pareng sangga uwang
• Ora ilok lungguh neng bantal
• Ora pareng jigrang
• Yen nduding nganggo jempol tangan tengen
• Ora pareng ngitung untu utawa ngrungokke wong tuwa sing lagi omong-omongan
• Sepi ing pamrih, ramé ing gawé
• Manjing ajur ajèr
• Aja adigang, adigung, adiguna
• Aja dumèh
• Aja gumunan
• Aja kagètan
• Mulat salira, hangrasa wani
• Mèlu handarbèni
• Mèlu hangrungkebi
Sing ana gegayutane karo wicara
• Yen ngomong karo sing luwih tuwa kudu nganggo basa krama utawa krama inggil
• Sakbisane cukup nganggo sasmita utawa nganggo sindiran (sanepa)
• Kudu tanggap ing semu lan sasmita
Sing ana gegayutané karo ngabekti marang wong tuwa
Miturut Serat Wulang Sunu[2] sing dianggit déning Paku Buwono IV anak kudu ngabekti marang wong tuwa kaya sing kagambaraké ana pupuh kapisan sing surasané kurang luwih kaya mengkéné:
• Wulang sunu kang digawé lagu, kang diwiwiti bab tata cara ngabekti, marang wong tuwa, bèn kabèh nggatèkaké, pitutur kang tinulis, sapa kang ora gelem nurut, marang pituduh tinulis, niscaya bakal kesia-sia, niscaya donya akherat bakal oleh cilaka , sawisé mati mlebu neraka.
• Yèn mengko awakmu nglakoni pituduh kang ana sajroning serat, mesthi apik tiba mburiné, ngabekti marang ibu bapa, nalika sepisanan dituduhaké lelaku apik lan ala, déning ibu bapa nalika awakmu isih bayi, ibumu luwih lara lan sengsara ngopèni awakmu.
• Ora énak mangan lan turu, ibumu ngopèni awakmu senajan mung mangan sega uyah, senajan mung nelesi tenggorokan, mangan klapa uga dilakoni, saben dina adus lan umbah-umbah ning kali kanthi rekasa kanggo ngopèni awakmu , rasakné bab kuwi mau.
• Kahanan pait getir ibumu ngopèni awakmu, dèwèké turu mung sambilan senajan kebak banyu uyuh lan tinjamu, dilakoni yèn awakmu buang kotoran ditatur lan dipangku, diresiki déning ibumu didusi saben esuk lan sore nganti resik, yèn awakmu ngelih didulang.
• Nalika awakmu umur sangang sasi, wektu iku awakmu bisa mbrangkang, gawéyan ibumu mung njaga senajan mung nganggo kain sambungan, ngopèni awakmu nalika awakmu isih cilik, yèn awakmu kurang mangan digolèkké nganti éntuk, mengko yèn awakmu uwis diwasa ora ana walesan liyané lelaku apik lan ngabekti marang wong tuwamu.
• Yèn mengko awakmu aniyaya marang wong tuwamu, diukum déning Gusti Sing Murbèng Dumadi, besuk yèn mati niscaya bakal bareng geni, yèn wong seneng duraka, siksané abot banget, mulané aku pesen aja wani karo ibu bapa anakku, lakoni perintah kaloroné.
• Anané awakmu mengko, yèn dididik ibu bapa wicaramu asring nglawan nyahut nuli mléngos, cegaha iku anakku,ora apik tembé mburiné, donya akherat bakal sia-sia, besuk yèn mati dimusuhi Pangèran, disiksa déning Malaikat.
• Kamangka bocah enom sing apik, pendapaté ora pati dididik ibu bapaké, lungguh sila ing ngarepé, wong tuwané kayadéné Pangèran, lunga lan mulih sujud, iku budi kang luhur sarta ngabekti marang Gusti Pangèran kang Maha Urip, yaiku kang nyiptakaké mati lan urip sarta kang mènèhi sandang lan pangan.
• Kang wis kaprah tumrap bocah enom, solah tingkah malang mégung manjaaké awak, solah tingkah sing kliwatan lungguh sakepénaké lan ora ngerti kasopanan, alaku congkak, seneng mamèraké awaké, kelakuané ora duwé arah, yèn awaké kesénggol njingkat lan pijer agawé onar marang wong akèh.
• Éling-éling aja ana sing anglakoni, kabèh lalaku sing salah, tingkahé mesthi bakal konangan, dhèwèké bakal kesuluh lan ora kuwat nandang, kaya-kaya kabèh wong mung mèsem, mulané kuwi anakku, élinga aja ana sing nglakoni salah bèn uripmu ora ngalami kasusahan.
• Ana manèh pituturku anakku, yèn awakmu nduwé karep aja nganti ngabotaké awak, , jaganen awakmu, yèn drajatmu cilik, aja ngrasa pesimis, yèn awakmu dadi wong luhur, jejegna pikirmu, sabar kanthi kaalusan, budi, yakuwi laku kang utama.
• Mula saka kuwi kaum muda saiki sing sabar, wewanuhan karo wong tuwa, gatèkaké pituturé sing apik, saka lair tekan bathin, lair kanthi tatakrama, batiné kanthi ngabekti marang wong tuwa, yakuwi pituturku kanggo kabèh anak putu cicitku, bèn uripmu ora ngalami kasusahan.
Sing ana gegayutané karo sipat pemimpin Jawa
Asthabrata
Miturut Asthabrata[3], pemimpin sing wicaksana kudu nduwèni sipat-sipaté dewa wolu yakuwi : Indra, Yama, Surya, Bayu, Kuwera, Brama, Candra, dan Baruna. Déné sipat-sipat mau yèn diringkes kurang luwih kaya mangkéné:
• Sang Hyang Indra minangka Dewa Udan, nyediaaké apa sing diperloaké déning bumi, mènèhi kasejahtran lan udan.
• Sang Hyang Yama minangka Dewa Pepatèn, mbasmi lelaku èlèk lan jahat tanpa pilih wulu.
• Sang Hyang Surya minangka Dewa Srengéngé, sipaté alon, ora kesusu, sabar, welas asih lan wicaksana.
• Sang Hyang Candra minangka Dewa mBulan, lembut, ramah lan sabar karo sapa waé.
• Sang Hyang Bayu minangka Dewa Angin, bisa mlebu ning endi waé tanpa kangèlan. Kabèh lelaku apik lan ala diweruhi tanpa sing nglakoni rumangsa.
• Sang Hyang Kuwera minangka Dewa Kasugihan, ulet jroning ngumpulaké kasugihan kanggo kasejahtran warga masyarakaté.
• Sang Hyang Baruna minangka Dewa Samudra, bisa nampung apa wae sing elek utawa apik, sabar lan nduwèni wawasan sing jembar.
• Sang Hyang Brama minangka Dewa Geni, bisa ngobong, nggosongaké lan musnahaké apa waé, mènèhi pepadhang sajroning pepeteng.
Sipat Pemimpin Jawa liyané

Saliyané kuwi uga ana paugeran sing kawentar ngenani sipat pemimpin sing wicaksana yakuwi:
• Taqwa, kudu trisna lan wedi marang Pangeran, kanthi nuruti kabèh préntah lan ngadohi laranganNé;
• Ing ngarso sung tuladha, tansah mènèhi tuladha marang andhahané;
• Ing madya mangun karsa, melu guyub nyambut gawé, ora mung mréntah waé;
• Tut wuri handayani, nyurung saka mburi lan mènèhi kasemptan andhahan supaya nduwèni kréasi;
• Waspada purbawisesa, waspada;
• Ambeg parama arta, ndhisikaké perkara kang luwih penting;
• Prasaja, sederhana;
• Setya, loyal, utawa setia;
• Gemi nastiti, gemi utawa hémat;
• Belaka, jujur, transparan lan blaka suta;
• Legawa, ikhlas lan ora égois.
Tata susila
• Tepa slira
• Nrima
• Ngadohi Ma lima yakuwi lelaku maling, main, madon, madat, minum (ngombé arak)
• Sabar utawa sarèh
• Rukun
• Isin
• Ikhlas
• Sopan santun
• lan liyane
posted by Rizky Gadis Belia @ 21.55   0 comments
 
 
   
 
 
KALENDER JAWA
Kalèndher Jawa kuwi diétung miturut saka peredharané mbulan, kaya kalèndher Islam. Kalèndher liya ana sing dhasaré saka lakuné srengéngé. Miturut sajarah, sadurungé bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwé kalèndher dhéwé kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerané para among tani. Pranata mangsa iki adhedhasar perédharané rembulan (Komariah). Wiwitané pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawisé tanggal 10 April yakuwi pungkasané mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan (Kasa utawa Kartka) yakuwi ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwèn saéngga ditetepaké mangsa ka sewelas (Destha utawa Padrawana)) lan karolas (Sadha utawa Asaji) saéngga genep dadi rolas sasi. Kalèndher Saka diwiwiti tanggal 15 Maret taun 78 Masèhi. Taun Saka padha karo Taun Masèhi yakuwi didhasaraké saka perédharan srengéngé (Syamsiah). Kalèndher Saka uga mérang sataun dadi 12 sasi padha karo kalèndher Pranata mangsa lan kalèndher Masèhi. Wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriah utawa tanggal 8 Juli 1633, kalèndher Pranata Mangsa diowahi déning Sultan Agung lan dijumbuhaké karo kalèndher Hijriah (Kalèndher Islam).[1]
• 1 Dina ing kalèndher Jawa
o 1.1 Jeneng dina
o 1.2 Dina mulya
• 2 Pasaran
• 3 Jeneng Wulan
• 4 Jeneng Taun
• 5 Kurup
• 6 Tuladha
• 7 Referensi
• 8 Deleng uga
• 9 Pranala jaba

Dina ing kalèndher Jawa
Katrangan ingkang langkung jangkep saged dipunpriksani wonten ing artikel utami prakawis Dina.
Jeneng dina
Cacahing dina ing kalèndher Jawa (Saptawara) uga ana pitu kayadéné ing kalèndher Masèhi lan Hijriah, mung pocapan lan cara panulisané waé kang rada béda, yakuwi Ngaat, Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah lan Setu. Jroning petungan Jawa, saben dina nduwèni sipat utawa watek dhéwé-dhéwé. Dina Ngaat, wateké samudana, tegesé seneng imba-imba, dina Senèn wateké samuwa, tegesé kudu apik kabèh pakaryan, dina Selasa wateké sujana, tegesé sarwa ora percaya, dina Rebo wateké sembada, tegesé sarwa kuwat lan manteb, dina Kemis wateké surasa, tegesé seneng mikir jero, dina Jemuwah wateké suci, tegesé resik tingkahlakuné, déné dina Setu wateké kasumbung, tegesé seneng pamèr.
Arané dina ana ing kalèndher Jawa lan padhanané ing basa Jawa kuna, basa Indonésia lan basa Arab kaya kasebut ing tabel ngisor iki:
Tabel dina Jawa, Indonésia lan Arab/Islam
Jeneng dina Jawa anyar Jeneng dina Jawa kuna Jeneng dina Indonésia Jeneng dina Arab/Islam Solah bulan marang bumi
Ngaat/Minggu
Adité Minggu Ahad Meneng
Senèn
Soma Senin Itsnayn Maju
Selasa
Hanggara Selasa Tsalaatsa Mundur
Rebo
Buda Rabu Arba'a
Mangiwa
Kemis
Respati Kamis Khamiis Manengen
Jemuwah
Sukra Jum'at Jum'aat Munggah
Setu
Tumpak Sabtu Sabt Tumurun
Dina mulya
Kabudayan Jawa ngurmati dina-dina kang dianggep mulya utawa wigati. Ing dina-dina iki sawetara masarakat Jawa isih mèngeti kanthi manembah marang Gusti kang gawé urip.[2]. Dina mulya cacahé ana lima, yakuwi:
1. Siji Sura, minangka dina pisanan (taun anyar) ing kalèndher Jawa. Sawetara masarakat ngayahi panyucèn dhiri kanthi adus ing kali, sendhang, segara, utawa ing ngomah lan sawengi muput ora turu. Sawetara masarakat liyané nanggap lan nonton wayang kulit lan liyané ana uga kang ziarah menyang panggonan suci lan nglakoni tapabrata utawa mèdhitasi. Tanggal siji Sura uga wektu kang becik kanggo ngresiki pusaka, kaya keris, tumbak lsp.[3]
2. Abogé, cekakan saka Alip (taun pisanan) - Rebo (Buda) - Wagé (dina pungkasan ing pasaran). Ing dina Abogé iki dipercaya tumuruning "Wahyu Manuswa", ing ngendi manungsa wiwit duwé isin, béda karo kéwan.
3. Daltugi, cekakan saka Dal (taun kalima: Dal) - Setu (tumpak) - Legi (dina pasaran kaloro). Ing dina Daltugi iki dipercaya tumuruning "Wahyu Suryaningrat" utawa "Wahyu Jalma", mèngeti ananing wong lanang.
4. Hanggara Asih, yakuwi dina Selasa Kliwon, dipercaya tumuruning "Wahyu Cakraningrat" utawa "Wahyu Jatmika", kanggo nata donya.
5. Jemuwah Legi (Sukra Manis) utawa Dina Purnama, kang tegesé pepak. Para wanita wiwit nglairaké jabang bayi.
Pasaran
Katrangan ingkang langkung jangkep saged dipunpriksani wonten ing artikel utami prakawis Pasaran.
Saliyané dina, ing kalèndher Jawa ana pétungan pasaran (pancawara) kang cacahé ana lima yakuwi Pahing, Pon, Wagé, Kliwon lan Legi. Miturut pétungan Jawa, saben dina pasaran duwé watek dhéwé-dhéwé, yakuwi Pahing wateké mélikan tegesé seneng marang barang kang katon, Pon wateké pamèr, tegesé seneng mamèraké kang didarbèni, Wagé wateké kedher utawa kaku atiné, Kliwon wateké micara yakuwi seneng nggubah basa, lan Legi wateké komat utawa sanggup nampa werna-werna kahanan. Kanggo cethané jeneng pasaran, makna lan parapé kagambaraké tabel ing ngisor iki:
Tabel pasaran
Pasaran Makna Patrap
Pahing
Pait Madhep
Pon
Petak Saré
Wagé
Cemeng Lenggah
Kliwon
Asih Jumeneng
Legi
Manis Mungkur
Jeneng Wulan
Cacahing wulan ana ing kalèndher Jawa kuwi ana 12, nanging jeneng lan puterané ora padha karo kalèndher Masèhi, amarga diitung miturut perédharanné bulan. Yèn dipadhakaké karo kalèndher Masehi, saben tahun ana gèsèh watara 11 dina.
Tabel wulan Jawa lan wulan Islam
Jeneng wulan Jawa Jeneng wulan Islam Jeneng Jawa kuna Makna
Sura
Muharram
Warana Rijal
Sapar
Safar
Wadana Wiwit
Mulud
Rabiul awal
Wijanga Kanda
Bakdamulud
Rabiul akhir
Wiyana Ambuka
Jumadilawal
Jumadil awal
Widada Wiwara
Jumadilakhir
Jumadil akhir
Widarpa Rahsa
Rejeb
Rajab
Wilapa Purwa
Ruwah
Sya'ban
Wahana Dumadi
Pasa
Ramadhan
Wanana Madya
Sawal
Syawal
Wurana Wujud
Sela
Dzulkaidah
Wujana Wusana
Besar
Dzulhijjah
Wujala Suwung
Umur saben sasi (wulan) ing kalèndher Jawa béda-béda, yakuwi ana kang umur 29 dina lan ana kang umur 30 dina . Klompok kasiji dumadi saka taun kapisan (Alip), katelu (Jimawal), kaenenm (Bé) lan kapitu (Wawu), klompok kaloro dumadi saka taun kaloro (Éhé), kapapat (Jé) lan kawolu (Jimakir), déné klompok katelu dumadi saka taun kalima (Dal). Kanggo luwih cethané pirsani tabel ing ngisor iki:
Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Arbangiyah (Kalèndher Sultan Agung)
Jeneng wulan Jawa Jeneng wulan Islam Taun Jawa
1,3,6,7 Taun Jawa
2.4.8 Taun Jawa
5
Sura
Muharram
30 30 30
Sapar
Safar
29 29 30
Mulud
Rabiul awal
30 30 29
Bakdamulud
Rabiul akhir
29 29 29
Jumadilawal
Jumadil awal
30 30 29
Jumadilakhir
Jumadil akhir
29 29 29
Rejeb
Rajab
30 30 30
Ruwah
Sya'ban
29 29 29
Pasa
Ramadhan
30 30 30
Sawal
Syawal
29 29 29
Sela
Dzulkaidah
30 30 30
Besar
Dzulhijjah
29 30 30
Cathetan: Tabel iki isi cacahing dina ing Kurup Arbangiyah (ABOGE) sing diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara, wuku Kulawu nganti dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi. Kanggo cacahing dina saben sasi ing kurup liyané, pirsani Kurup
Jeneng Taun
Katrangan ingkang langkung jangkep saged dipunpriksani wonten ing artikel utami prakawis Taun Jawa.


Sultan Agung
Taun Jawa cacahé ana wolu lan ditata jroning siklus wolung taunan kang disebut windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, yakuwi: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya.
Ana sawetara ciri wigati jroning pranatan taun Jawa, yakuwi: Nguri-uri kabudayan asli Jawa kayadéné pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalané), sarta Primbon lan pétungan Jawa liyané. Bisa nglestarèkaké kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan seni lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraské karo pétungan Arab kayadéné penanggalan Hijriyah kanggo nggampangaké mèngeti dina-dina riyaya lan ibadah Islam. Jeneng taun kang luwih spèsifik yakuwi yèn tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengaké taun Sukraminangkara (taun urang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Setu, dijenengaké taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateké: sithik udan. Yèn tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengaké taun Ditekalaba (taun klabang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Senèn, dijenengaké taun Somawertija (taun cacing), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Selasa, dijenengaké taun Anggarawrestija (taun kodok), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Rebo, dijenengaké taun Buda-wiseba (taun kebo), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Kemis, dijenengaké taun Respati-mituna (taun mimi), wateké: akèh udan.[4]
Jeneng lan umuré taun Jawa kaya kang kasebut ing ngisor iki:
• Alip (Purwana), umuré 354 dina
• Éhé (Karyana), umuré 355 dina (lawas), 354 dina (anyar)[5]
• Jimawal (Anama), umuré 354 dina
• Jé (Lalana), umuré 354 dina (lawas), 355 dina (anyar)
• Dal (Ngawanga), umuré 355 dina
• Bé (Pawaka), umuré 354 dina
• Wawu (Wasana), umuré 354 dina
• Jimakir (Swasana), umuré 355 dina
Kurup
Katrangan ingkang langkung jangkep saged dipunpriksani wonten ing artikel utami prakawis Kurup.
Kurup kuwi wektu sing lawasé 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup. Jeneng kurup antara liya:[6][7]
• Kurup Jamingiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Jemuwah.
• Kurup Kamsiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Kemis.
• Kurup Arbangiyah utawa dikenali kanthi jeneng kurup ABOGE (Alip Rebo Wage). Kurup iki diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Aip 1747 windu Kuntara , wuku Kulawu lan rampung ing dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi.
• Kurup Salasiyah Pon utawa dikenal kanthi jeneng kurup Asapon (Alip Selasa Pon) sing diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867 , Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masehi.
• Kurup Isneniyah sing diwiwiti dina Senèn Pahing tanggal 1 Sura taun Alip 1987 wuku Kulawu utawa tanggal 26 Agustus 2052 Masehi, nganti dina Setu Kliwon tanggal 29 Besar taun Jimakir 2106 wuku Kuningan utawa tanggal 28 Januari 2169 Masehi.
• Kurup Akadiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Ngaat.
• Kurup Sabtiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Setu.
posted by Rizky Gadis Belia @ 21.52   0 comments
 
 
   
 
 
KALENDER JAWA
Kalèndher Jawa kuwi diétung miturut saka peredharané mbulan, kaya kalèndher Islam. Kalèndher liya ana sing dhasaré saka lakuné srengéngé. Miturut sajarah, sadurungé bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwé kalèndher dhéwé kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerané para among tani. Pranata mangsa iki adhedhasar perédharané rembulan (Komariah). Wiwitané pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawisé tanggal 10 April yakuwi pungkasané mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan (Kasa utawa Kartka) yakuwi ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwèn saéngga ditetepaké mangsa ka sewelas (Destha utawa Padrawana)) lan karolas (Sadha utawa Asaji) saéngga genep dadi rolas sasi. Kalèndher Saka diwiwiti tanggal 15 Maret taun 78 Masèhi. Taun Saka padha karo Taun Masèhi yakuwi didhasaraké saka perédharan srengéngé (Syamsiah). Kalèndher Saka uga mérang sataun dadi 12 sasi padha karo kalèndher Pranata mangsa lan kalèndher Masèhi. Wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriah utawa tanggal 8 Juli 1633, kalèndher Pranata Mangsa diowahi déning Sultan Agung lan dijumbuhaké karo kalèndher Hijriah (Kalèndher Islam).[1]
• 1 Dina ing kalèndher Jawa
o 1.1 Jeneng dina
o 1.2 Dina mulya
• 2 Pasaran
• 3 Jeneng Wulan
• 4 Jeneng Taun
• 5 Kurup
• 6 Tuladha
• 7 Referensi
• 8 Deleng uga
• 9 Pranala jaba

Dina ing kalèndher Jawa
Katrangan ingkang langkung jangkep saged dipunpriksani wonten ing artikel utami prakawis Dina.
Jeneng dina
Cacahing dina ing kalèndher Jawa (Saptawara) uga ana pitu kayadéné ing kalèndher Masèhi lan Hijriah, mung pocapan lan cara panulisané waé kang rada béda, yakuwi Ngaat, Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah lan Setu. Jroning petungan Jawa, saben dina nduwèni sipat utawa watek dhéwé-dhéwé. Dina Ngaat, wateké samudana, tegesé seneng imba-imba, dina Senèn wateké samuwa, tegesé kudu apik kabèh pakaryan, dina Selasa wateké sujana, tegesé sarwa ora percaya, dina Rebo wateké sembada, tegesé sarwa kuwat lan manteb, dina Kemis wateké surasa, tegesé seneng mikir jero, dina Jemuwah wateké suci, tegesé resik tingkahlakuné, déné dina Setu wateké kasumbung, tegesé seneng pamèr.
Arané dina ana ing kalèndher Jawa lan padhanané ing basa Jawa kuna, basa Indonésia lan basa Arab kaya kasebut ing tabel ngisor iki:
Tabel dina Jawa, Indonésia lan Arab/Islam
Jeneng dina Jawa anyar Jeneng dina Jawa kuna Jeneng dina Indonésia Jeneng dina Arab/Islam Solah bulan marang bumi
Ngaat/Minggu
Adité Minggu Ahad Meneng
Senèn
Soma Senin Itsnayn Maju
Selasa
Hanggara Selasa Tsalaatsa Mundur
Rebo
Buda Rabu Arba'a
Mangiwa
Kemis
Respati Kamis Khamiis Manengen
Jemuwah
Sukra Jum'at Jum'aat Munggah
Setu
Tumpak Sabtu Sabt Tumurun
Dina mulya
Kabudayan Jawa ngurmati dina-dina kang dianggep mulya utawa wigati. Ing dina-dina iki sawetara masarakat Jawa isih mèngeti kanthi manembah marang Gusti kang gawé urip.[2]. Dina mulya cacahé ana lima, yakuwi:
1. Siji Sura, minangka dina pisanan (taun anyar) ing kalèndher Jawa. Sawetara masarakat ngayahi panyucèn dhiri kanthi adus ing kali, sendhang, segara, utawa ing ngomah lan sawengi muput ora turu. Sawetara masarakat liyané nanggap lan nonton wayang kulit lan liyané ana uga kang ziarah menyang panggonan suci lan nglakoni tapabrata utawa mèdhitasi. Tanggal siji Sura uga wektu kang becik kanggo ngresiki pusaka, kaya keris, tumbak lsp.[3]
2. Abogé, cekakan saka Alip (taun pisanan) - Rebo (Buda) - Wagé (dina pungkasan ing pasaran). Ing dina Abogé iki dipercaya tumuruning "Wahyu Manuswa", ing ngendi manungsa wiwit duwé isin, béda karo kéwan.
3. Daltugi, cekakan saka Dal (taun kalima: Dal) - Setu (tumpak) - Legi (dina pasaran kaloro). Ing dina Daltugi iki dipercaya tumuruning "Wahyu Suryaningrat" utawa "Wahyu Jalma", mèngeti ananing wong lanang.
4. Hanggara Asih, yakuwi dina Selasa Kliwon, dipercaya tumuruning "Wahyu Cakraningrat" utawa "Wahyu Jatmika", kanggo nata donya.
5. Jemuwah Legi (Sukra Manis) utawa Dina Purnama, kang tegesé pepak. Para wanita wiwit nglairaké jabang bayi.
Pasaran
Katrangan ingkang langkung jangkep saged dipunpriksani wonten ing artikel utami prakawis Pasaran.
Saliyané dina, ing kalèndher Jawa ana pétungan pasaran (pancawara) kang cacahé ana lima yakuwi Pahing, Pon, Wagé, Kliwon lan Legi. Miturut pétungan Jawa, saben dina pasaran duwé watek dhéwé-dhéwé, yakuwi Pahing wateké mélikan tegesé seneng marang barang kang katon, Pon wateké pamèr, tegesé seneng mamèraké kang didarbèni, Wagé wateké kedher utawa kaku atiné, Kliwon wateké micara yakuwi seneng nggubah basa, lan Legi wateké komat utawa sanggup nampa werna-werna kahanan. Kanggo cethané jeneng pasaran, makna lan parapé kagambaraké tabel ing ngisor iki:
Tabel pasaran
Pasaran Makna Patrap
Pahing
Pait Madhep
Pon
Petak Saré
Wagé
Cemeng Lenggah
Kliwon
Asih Jumeneng
Legi
Manis Mungkur
Jeneng Wulan
Cacahing wulan ana ing kalèndher Jawa kuwi ana 12, nanging jeneng lan puterané ora padha karo kalèndher Masèhi, amarga diitung miturut perédharanné bulan. Yèn dipadhakaké karo kalèndher Masehi, saben tahun ana gèsèh watara 11 dina.
Tabel wulan Jawa lan wulan Islam
Jeneng wulan Jawa Jeneng wulan Islam Jeneng Jawa kuna Makna
Sura
Muharram
Warana Rijal
Sapar
Safar
Wadana Wiwit
Mulud
Rabiul awal
Wijanga Kanda
Bakdamulud
Rabiul akhir
Wiyana Ambuka
Jumadilawal
Jumadil awal
Widada Wiwara
Jumadilakhir
Jumadil akhir
Widarpa Rahsa
Rejeb
Rajab
Wilapa Purwa
Ruwah
Sya'ban
Wahana Dumadi
Pasa
Ramadhan
Wanana Madya
Sawal
Syawal
Wurana Wujud
Sela
Dzulkaidah
Wujana Wusana
Besar
Dzulhijjah
Wujala Suwung
Umur saben sasi (wulan) ing kalèndher Jawa béda-béda, yakuwi ana kang umur 29 dina lan ana kang umur 30 dina . Klompok kasiji dumadi saka taun kapisan (Alip), katelu (Jimawal), kaenenm (Bé) lan kapitu (Wawu), klompok kaloro dumadi saka taun kaloro (Éhé), kapapat (Jé) lan kawolu (Jimakir), déné klompok katelu dumadi saka taun kalima (Dal). Kanggo luwih cethané pirsani tabel ing ngisor iki:
Tabel umur utawa cacahing dina ing Taun Jawa Kurup Arbangiyah (Kalèndher Sultan Agung)
Jeneng wulan Jawa Jeneng wulan Islam Taun Jawa
1,3,6,7 Taun Jawa
2.4.8 Taun Jawa
5
Sura
Muharram
30 30 30
Sapar
Safar
29 29 30
Mulud
Rabiul awal
30 30 29
Bakdamulud
Rabiul akhir
29 29 29
Jumadilawal
Jumadil awal
30 30 29
Jumadilakhir
Jumadil akhir
29 29 29
Rejeb
Rajab
30 30 30
Ruwah
Sya'ban
29 29 29
Pasa
Ramadhan
30 30 30
Sawal
Syawal
29 29 29
Sela
Dzulkaidah
30 30 30
Besar
Dzulhijjah
29 30 30
Cathetan: Tabel iki isi cacahing dina ing Kurup Arbangiyah (ABOGE) sing diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara, wuku Kulawu nganti dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi. Kanggo cacahing dina saben sasi ing kurup liyané, pirsani Kurup
Jeneng Taun
Katrangan ingkang langkung jangkep saged dipunpriksani wonten ing artikel utami prakawis Taun Jawa.


Sultan Agung
Taun Jawa cacahé ana wolu lan ditata jroning siklus wolung taunan kang disebut windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, yakuwi: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya.
Ana sawetara ciri wigati jroning pranatan taun Jawa, yakuwi: Nguri-uri kabudayan asli Jawa kayadéné pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalané), sarta Primbon lan pétungan Jawa liyané. Bisa nglestarèkaké kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan seni lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraské karo pétungan Arab kayadéné penanggalan Hijriyah kanggo nggampangaké mèngeti dina-dina riyaya lan ibadah Islam. Jeneng taun kang luwih spèsifik yakuwi yèn tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengaké taun Sukraminangkara (taun urang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Setu, dijenengaké taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateké: sithik udan. Yèn tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengaké taun Ditekalaba (taun klabang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Senèn, dijenengaké taun Somawertija (taun cacing), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Selasa, dijenengaké taun Anggarawrestija (taun kodok), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Rebo, dijenengaké taun Buda-wiseba (taun kebo), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Kemis, dijenengaké taun Respati-mituna (taun mimi), wateké: akèh udan.[4]
Jeneng lan umuré taun Jawa kaya kang kasebut ing ngisor iki:
• Alip (Purwana), umuré 354 dina
• Éhé (Karyana), umuré 355 dina (lawas), 354 dina (anyar)[5]
• Jimawal (Anama), umuré 354 dina
• Jé (Lalana), umuré 354 dina (lawas), 355 dina (anyar)
• Dal (Ngawanga), umuré 355 dina
• Bé (Pawaka), umuré 354 dina
• Wawu (Wasana), umuré 354 dina
• Jimakir (Swasana), umuré 355 dina
Kurup
Katrangan ingkang langkung jangkep saged dipunpriksani wonten ing artikel utami prakawis Kurup.
Kurup kuwi wektu sing lawasé 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup. Jeneng kurup antara liya:[6][7]
• Kurup Jamingiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Jemuwah.
• Kurup Kamsiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Kemis.
• Kurup Arbangiyah utawa dikenali kanthi jeneng kurup ABOGE (Alip Rebo Wage). Kurup iki diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Aip 1747 windu Kuntara , wuku Kulawu lan rampung ing dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi.
• Kurup Salasiyah Pon utawa dikenal kanthi jeneng kurup Asapon (Alip Selasa Pon) sing diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867 , Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masehi.
• Kurup Isneniyah sing diwiwiti dina Senèn Pahing tanggal 1 Sura taun Alip 1987 wuku Kulawu utawa tanggal 26 Agustus 2052 Masehi, nganti dina Setu Kliwon tanggal 29 Besar taun Jimakir 2106 wuku Kuningan utawa tanggal 28 Januari 2169 Masehi.
• Kurup Akadiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Ngaat.
• Kurup Sabtiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Setu.
posted by Rizky Gadis Belia @ 21.52   0 comments
 
 
   
 
 
OMAH ADAT JAWA
Omah adat Jawa
Omah adat Jawa sing umum dikenal yaiku omah utawa umah sing duwé gaya arsitektur joglo, seliyané iku uga ana umah sing dibangun nganggo gaya arsitektur liya misale: limas, dara gepak, joglo trajurmas uga bangunan liya umpamane sasono suko.
Umah adat Jawa sing esih lengkap lan nduwe nilai-nilai budaya Jawa yaiku sing nduwe 3 bagian bangunan, saka ngarep ana pendhapa sing diapi 2 bangunan liya sing radha cilik lan posisine radha neng arepan bangunan pendhapa. Bagian tengah ana pringgitan lan bagian mburi dhewe ana dalem.
Umah neng desa-desa lan penduduk biasa umume bangunane tunggal lan dibangun nganggo gaya arsitektur dara gepak.
Bagian
1. Pendhapa: diapit Pengrawit apitan lan Tajuk mangkurat
2. Pringgitan neng tengah-tengah
3. Dalem ageng utawa dalem: sing dipérang manèh dadi 3 bagian yaiku: Senthong kiwa, Senthong tengah lan Senthong tengen
4. Gandhok lan pawon
Gaya arsitektur
1. Joglo (payon joglo)
2. Limasan (payon limas)
3. Kampung (payon pelana)
4. Panggang Pe
5. Mesjidan/Tajugan
Jinis-jinis omah Joglo :
1. Joglo Lawakan
2. Joglo Sinom
3. Joglo Jompongan
4. Joglo Pangrawit
5. Joglo Mangkurat
6. Joglo Hageng
7. Joglo Semar Tinandhu
Jinis-jinis omah Limasan
1. Limasan Lawakan
2. Limasan Gajah Ngombe
3. Limasan Gajah Njerum
4. Limasan Apitan
5. Limasan Pacul Gowang
6. Limasan Cere Gancet
7. Limasan Trajumas
8. Limasan Gajah Mungkur
9. Limasan Klabang Nyander
10. Limasan Lambang Teplok
11. Limasan Semar Tinandu
12. Limasan Lambang Sari
13. Limasan Semar Pinondhong, conto Bangsal Kama, Kraton Cirebon
Jinis-jinis omah Kampung :
1. Kampung Pokok
2. Kampung Trajumas
3. Kampung Pacul Gowang
4. Kampung Srotong
5. Kampung Cere Gancet
6. Kampung Gotong Mayit
7. Kampung Semar Pinondhong
8. Kampung Apitan
9. Kampung Gajah Njerum
10. Kampung Gajah Ngombe
11. Kampung Doro Gepak
12. Kampung Klabang Nyander
13. Kampung Jompongan Lambang Teplok Semar Tinandhu (untuk tobong kapur)
14. Kampung Lambang Teplok (untuk gudang genteng)
Jinis-jinis omah Panggang Pe :
1. Panggang Pe Pokok
2. Panggang Pe Trajumas
3. Panggang Pe Empyak Setangkep
4. Panggang Pe Gedhang Selirang
5. Panggang Pe Gedhang Setangkep
6. Panggang Pe Cere Gancet
7. Panggang Pe bentuk kios
8. Panggang Pe Kodokan (jengki)
9. Panggang Pe Barengan
10. Panggang Pe Cere Gancet
Jinis-jinis omah Mesjidan/Tajugan :
1. Mesjidan Cungkup Pokok
2. Mesjidan Lawakan (langgar)
3. Mesjidan Lambang Teplok, conto : Bangsal Gianyar, Bali
4. Mesjidan payung agung (meru), susun 3 untuk rakyat, 5 sentana (keluarga) raja, 7 pangeran, 11 raja, conto Pamujaan Besakih, Bali
5. Tajug Tawon Boni, conto : Bangsal Pajajaran
6. Tajug Tiang Satu Lambang Teplok, conto : Mesjid rakyat Gombong
7. Tajug Semar Sinongsong Lambang Teplok, conto : Langgar Kecil Kraton Cirebon
8. Tajug Pendawa, contoh : Kraton Cirebon
9. Tajug Lambang Gantung, conto : Bangsal Ponconiti Kraton Yogyakarta
10. Tajug Lambangsari, conto : Bangsal Pertemuan para Wali, Gunung Sembung
11. Tajug Lawakan Lambang Teplok, conto : Pasarean Suwargan, Imogiri
12. Tajug Semar Tinandhu, Dukuh, Yogyakarta
13. Tajug Semar Sinongsong Lambang Gantung, conto : Masjid Soko Tunggal (gabungan Pajajaran dan Sultan Agungan, Taman, Kraton Yogyakarta
14. Tajug Ceblokan Lambang Teplok, Masjid Agung Yogyakrata
15. Tajug Mangkurat, Bangsal Witono, Kraton Yogyakarta
16. Tajug Sinom Semar Tinandhu, Lawang Sanga-sanga, Kraton Cirebon
posted by Rizky Gadis Belia @ 21.50   0 comments
 
 
   
 
 
RASUKAN ADAT JAWA
Rasukan adat Jawa utawa busana adat Jawa umum diarani rasukan kejawen sing wis ana kawit jaman mbiyen lan wiwit kebentuk lengkap neng jaman karajan Demak. Seliyane rasukan kejawen uga ana rasukan surjan, rasukan mesiran, rasukan basahan lan rasukan gedhog.
Masing-masing jinis rasukan Jawa iki nduwe makna parumpamaan utawa pralambang sesuai nilai-nilai luhur filosofi Jawa.
Umume rasukan Jawa dibagi dadi 4 bagian yaiku:
Bagian ndhuwur
• Iket utawa blangkon
• Udheng
Bagian tengah
• Rasukan utawa kelambi uga benik
• Jarik lan wiron utawa wiru
• Sabuk
• Epek
• Timang
Bagian mburi
• Curiga utawa keris lan rangka
Bagian ngisor
• Canela yaiku: cripu, selop utawa sandal
• Bebed
posted by Rizky Gadis Belia @ 21.48   0 comments
 
 
   
 
 
Penganten Adat Jawi
Upacara pengantenan adat Jawa iku salah sijining upacara sakral adat Jawa sing nduwé rangkeyan-rangkeyan upacara lan tata cara sing wis pakem. Upacara pengantenan iki ngelambangake pertemuan antara penganten putri lan penganten kakung neng suasana sing kusus lan dilambangake dadi pasangan raja lan ratu.
Rangkeyan inti upacara umume diselenggaraake neng dalèmé penganten putri, dadi sing dadi penyelenggara utawa tuan umah yaiku wongtua utawa kaluarga penganten putri ning tetep dibantu kaluarga penganten kakung.
Rangkeyan upacara-upacara pengantenan adat Jawa iku seje-seje miturut dhaerah uga diselenggaraake sesuai kemampuan ekonomi sosial kaluargane.
Upacara-upacara penganten adat Jawa antarane:
Lamaran
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Lamaran pengantenan
Upacara lamaran iku upacara kanggo nrima kaluarga calon penganten kakung neng dalèmé calon penganten putri. Upacara iki dadi tanda yen wongtua utawa kaluarga manten putri setuju yen putrine didaeake pasangan urip calon penganten kakung.
Neng acara lamaran iki biasane sekalian kanggo nento'ake dina utawa tanggal penyelenggaraan rangkeyan upacara lanjutane, utamane tanggal pesta penganten.
Siraman
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Siraman
Acara siraman iku sejati upacara perlambang kanggo ngresi'ake jiwa calon penganten. Upacara iki diselenggaraake sedina sedurung ijab kabul lan dilako'ake neng umah masing-masing calon manten, umume neng bagian umah sing radha terbuka kaya neng halaman mburi umah utawa neng taman ngarepan umah. Sing nyiram pertama biasane wong tua calon manten banjur sedulur liyane uga pemaes.
Midodaren
Kanggo tulisan luwih gamblang prakawis iki mangga pirsani: Midodaren
Tembung midodaren iku asale saka basa Jawa yaiku widodari utawa bidadari neng basa Indonesia. Acara iki ngandung makna yen mbengi sakdurunge acara pengantenan iku, kabeh para widadari mudhun saka suwarga kanggo aweh pengestu uga kanggo pralambang yen sesuk neng acara utama, penganten putrine bakal ayu kaya widodari.
Neng acara iki penganten putri ora metu saka kamar wiwit jam 6 sore nganti tengah wengi lan dikancani dening sedulur-sedulur putrine sing ngancani sinambi aweh nasihat.
Rangkeyan acara neng wengi midodaren iki seje-seje neng saben dhaerah, kadhang ana sing barengake karo acara peningsetan lan srah srahan.
Srah-srahan
Srah-srahan iku disebut ugo "asok tukon" yaiku pihak kakung nyerahake uba rampe lan biaya sing bakal kanggo ngleksanakake pesta pengantenan. Contone uba rampe iku beras, sayuran, pitik, jajan pasar lan liyo-liyane. Sakliyane iku sing paling penting ono ing papasrahan yaiku duwit sing tumprape pihak estri bakal dienggo mbiayai pas acara pesta penganten.
Ijab kabul
yaiku nang ngendi penganten lanang kuwi ngucapke janji nang ngendi kwi di delok karo wong akeh kanggo saksi yen wong loro kwi nikahe sah.
Upacara panggih
Sak rampunge acara ijab kabul (akad nikah)dileksanakake acara Panggih, ing acara iki kembang mayang digowo metu seko omah lan di delehake neng prapatan cedak omah sing tujuanne kanggo ngusir roh jahat. Sak wise iku penganten putri ketemu (panggih) karo penganten kakung sak perlu nerusake upacara: balang suruh, Wiji dadi, Pupuk, Sinduran, Timbang, Kacar-kucur, Dahar klimah, Mertui lan Sungkeman.
Upacara balangan suruh
Upacara balang suruh minongko perlambang sih katresnan lan kasetian ing antarane penganten kakung lan putri.
Upacara wiji dadi
Penganten kakung ngidak endog pitik nganti pecah, banjur penganten putri ngmbah/ngresiki sikil/ampeyane penganten kakung nganggo banyu kembang. Upacara iki minongko perlambang sawijining kepala keluarga sing tanggung jawab mring keluarga.
Pupuk
Ibu penganten putri ngusap-usap sirah/mustaka mantu kakung minongko tondho ikhlas nompo dadi bageane kulawargo.
Sinduran
Lumampah alon-alon kanthi nyampirake kain sindur, minongko tondho pinanganten sak kloron wis tinompo dadi kulowargo.
Timbang
Pinanganten sak kloron lungguh neng pangkonane Bapake penganten putri, minongko perlambang sih katresnane wong tuwo marang anak lan mantu soho besan.
Kacar-kucur wujud dhuwit logam, beras lan uborampe liyane sing di kucurke ono pangkonane penganten putri minongko perlambang paweh nafkah.
Dahar Klimah
Penganten sak kloron dahar dulang-dulangan minongko perlambang pinanganten sak kloron arep urip susah lan seneng kanthi bebarengan.
Mertui
Wong tuwane penganten putri methuk wong tuwane penganten kakung neng ngarep omah lan bebarengan tindak neng acara resepsi.
Sungkeman
Pinanganten sak kloron sungkem nyuwun pangestu marang wong tuwa.
Kenduren / resepsi
Kenduren utawa kenduri iku dadi puncak acara pengantenan, uga kadang diarani resepsi utawa walimahan. Sejatine kagiatan iki nduwe makna upacara selametan, selamet merga inti acarane yaiku ijab kabul wis rampung diselenggaraake. Neng acara iki, pasangan penganten nerima ucapan selamat saka kerabat, kanca uga kabeh sing hadir neng acara iki.
posted by Rizky Gadis Belia @ 21.45   1 comments
 
 
   
 
 
SASTRA GAGRAK ANYAR
SASTRA GAGRAG ANYAR
Mbah Dhukun Truno
Dening : Yes Ismie Suryaatmaja.
Suwe mripate wong tuwa iku mandenge pegane rokok kang kebule nggembuleng mendhuwur. Panyawange prasasat tanpa kedhep, sauntara wong lanang patang puluh taunan lungguh ing ngarepe kanthi patrap urmat banget. Sanajan karo ndhingkluk nanging lambene sedhela katon nggawe esem, ngetarakake menawa atine dhong kalegan.
"Dados ponakan ndika empun mantun estu ?" kawetu pitakone wong tuwa iku sawise padha meneng-menengan sauntara.
Sing ditakoni manthuk mantep nglegakake. Banjur " Enggih, malah saniki empun playon barang. Ing mangka seminggu kepengker wekdal kula sowan mbah mriki kados empun mboten enten pangarep-arep malih. Tujune kula enggal sowan. Lajeng sasampunipun mbahe paringi omben-omben kok terus bentere lajeng ical. Sauntawis tigang dinten empun purun nedha. Lha wau , seg kula budhal sowan ngriki larene empun gobag .... "
Mbah Truno manthuk-manthuk. Ing semu sajak kalegan dene anggone dadi dhukun wis bisa aweh pitulungan marang wong kang mbutuhake senajan dheweke durung nduweni bukti kang temen marang bab marine si bocah. Nanging marang wong kang ana ngarepe iku dheweke wis percaya temen, satus persen dheweke percaya banget.
"..... lha sowan kula niki mbah, sakliyane badhe ngaturake raos panuwun ingkang tanpa upami, kula atas namine ingkang nggadhah anak badhe sakedhik ngaturi barang ingkang mbokmenawi kangge mbahe boten wonten ajinipun. Nanging ewa semanten, mbah, ingkang kula suwun mugi-mugi mawon mbahe kersa nampi ..... "
Ing dhadhane wong tuwa iku banjur tuwuh pitakon rupa-rupa. Gek banjur apa ya sing bakal diwenehake? Salawase iki, anggone dadi dhukun durung tau duwe panjaluk neka-neka marang wong kang njaluk tulung, apa maneh yen sing njaluk tulung ora duwe, ketang welase marang wong kang kesrakat, senajan dheweke iku wis tetulung meksa uga atine krasa ora jenjem nyawang kerepotane wong kang ditulungi.
"Kawuningana mbah, tiyang ingkang njenengan tulung menika kapetang tiyang cekap. Sabinipun wiyar, samanten ugi pategilanipun .....
Meneng sedhela, mbah Truno nyawang tamune kawetu pitakon: "Lajeng kersanipun ??"
Tamune dhehem-dhehem.
"Ngaten ...... ?? sarehne njenengan menika sampun saged marasake yogane, saking kersane pak Narko, bapake pun lare menika, saking bingahipun njenengan badhe pun aturi hadhiah balungan griya komplit"
Setengah ngangkat alis mbah Truno njengkerutake bathuk. Setengah ngungun dheweke nyawang tamune ....
"Balungan griya jati, mbah" tamu iku nandhesake. Banjur nggrayahi sak klambi, ndudut kertas tik wis lencu, nuli dibeber ana ing sangarepe wong tuwa dhukun Truno.
"Niki wangune gambare balungan griya sing ajeng diaturake teng njenengan. Ageng mbah, griyanipun wangun dara kepeg. Sakanipun ngrolasan inggilipun meh sekawanan meter"
Maneh maneh mbah Truno manthuk. Guneme tamu kang kebak esem lan pangalembana iku ngububi atine dadi mbedhodhog. Apa maneh bareng kertas tik lencu iku diulungake marang dheweke , mripat tuwane kepeksa nylileng, nyawang garis- garis mblawur .
"Nek griya niku mang tambahne teng ngajengan ngriku ........ " tambahe maneh " Mesthine kados ndhapa klurahan, tambah bregas. Kula kinten ukurane nggih sami kok mbah, mrika kalih welas, griya mriki kinten kula nggih sakmonten wiyare"
Mbah Truno manthuk karo muni nggah- nggih.
"Leres, leres, nak. Griya ngriki pancen samonten ukure wiyar. Bab panjange wingking mesthine rak boten kangge ta ?"
"Enggih, lha sakniki kantun mbahe, njing napa diusung mriki?? "
Sanajan maune ora duwe pikiran tekan semono, ning sapa wonge ora gita-gita ditawani omah ? Apes-apese balungan omah jati komplit ukuran semono ora kurang saka rega setengah yuta. Aran wong ora mbeneh menawa mbah Truno ora ceket-ceket nampa paweweh kang cukup gedhe kerta ajine iku. Nyatane mbah Truno bola-bali mesem. Sing nawani uga mesem kalegan.
Sauntara wong loro padha meneng-menengan. Padha dene ngenam gagasan. Bali maneh mbah Truno mandeng kebule pega. Bareng lan iku nom-noman tamune wis muni maneh.
"Ning niki ngeten, mbah ......." mandheg sedhela, katone si tamu dadi katon rangu-rangu.
"Wonten napa ? " sumelane mbah Truno nggatekake.
"Anu, ng ........ anu, mbah. Nek saking kajenge tiyange niku griyane ndang ajeng diboyong mriki. Kajenge ndang boten gadhah tanggungan. Lha niku nek mbahe kersa ragad-ragad kangge ngangkut supados mbahe sing nyekapi "
Dipikar-pikir mula ya ora akeh nemen ragade. Pira ongkose ngangkut balungan omah ing jaman tanpa pungli ngene? Paling banter ora bakal ngentekake dhuwit telung puluh ewu. Mula mung mikir sedhela terus gumregah njupuk dhuwit cacah sakmono, disangokake sing wis ngadeg terus pamitan mangkat mulih ..............
"Rong minggu kapungkur tamu kuwi uga mara dhayoh mrono. Panganggone clana pamatex wis lungset. Ewa samono jangkahe mantep nuju omahe mbah Truno, terus ngethepyuh sadurunge ditakoni.
"Kula saking Mbiren, mbah. Nyambut damel kula teng Perhutani. Onten perlu penting ??"
"Lha lajeng pentingan napa ?? " mbah Truno nanggapi tamune.
"Nggih namung ajeng nyuwun pitulungane mbahe mawon. Kula niki jawine ngaten empun bosen dados mandhor. Empun enten dasanan taun nggen kula dados mandhor. Ewadene ngantos sakniki kok mboten saged mindhak-mindhak pangkat kula ......"
Mbah Truno mesem. Sithik akeh dheweke wis bisa tanggap marang karepe tamune.
"Niyat kula ancen pados sawabe njenengan mbah.Sinten ngertos saged jodho"
"Kula niki boten saged napa-napa kok estu !" kandhane mbah Truno ora ana niyat ndhuwurake awak.
"Biasane sing ethok-ethok mboten isa niku, mbah, tandhane nek njenengan niku mila isi. Ngibarate ngelmu pari. Saya mentes isinipun saya manglung uwitipun"
Mbah Truno wis ora bisa kumbi maneh. wekasan dheweke uga ngaku apa anane, manawa dheweke pancen wis suwe nglakoni dadi dhukun ing tlatah iki. Tamu anyar mau katon mesem sumeh. Lha mulihe temenan klakon nggawa barang gembolan saka kono.
Banjur let seminggu ngono mbah Truno kaget. Tamune minggu wingi teka maneh, sangu ulat luwih sumeh maneh. Tekane ora nglenthung, ing tangane nyekel bungkusan gedhe. Oleh-oleh kanggo mbah Truno mesthine, ketara sawise lungguh srog buntelan gedhe iku banjur diulungake.
"Sekedhik angsal-angsal kangge mbahe. Niku wau sing mbetani tiyang estri. Criyose luwung kangge kanca nginum wedang ........." kandhane tamune.
"Jane mboten usah repot-repot " sambunge mbah Truno karo ngguyu seneng dioleh-olehe tamune.
"Niki ngoten lho mbah" tamune nyambung rembug. "Angsal pangestune mbahe sampun keturutan sedya kula. Wiwit dinten Setu wingi kula sampun nampi serat tugas enggal sing wose diangkat dados mantri."
"Sokur-sokur ........." sambunge mbah Truno karo manthuk-manthuk mongkog atine dene sembur suwuke cespleng.
"Ning anu, mbah, dhateng kula niki nggih badhe ngrepoti sekedhik malih. Penakan kula sakit nemen empun sawatawis lamine. Sinten ngertos nek niki ugi cocog kaliyan sawab njenengan ?"
Mbah Truno mesem. Lan sawise menehi gembolan lan omben-omben tamune mulih. Diuntabake mbah Truno nganti tekan pager ngarep omah. Let seminggu maneh, ya minggu iki mau tamu kuwi teka maneh. Tekane nggawa kabar gembira, saliyane ngabarake bab marine ponakane tamu iku uga bakal menehi hadhiah omah marang mbah Truno. Ketang saka senenge lan mongkoge mula panjaluke tamu iku bab dhuwit kanggo ongkose angkutan banjur dikontani. Dene dina lan jam pangkate sak enggone uga wis dipetung pisan dening mbah Truno amrih lakune gancar tanpa alangan apa-apa .................

Srengene wis mengleng ngulon. Wis kliwat bedhug awan, sing dienteni durung teka. Sing ngenteni wiwit nggresah, polatane peteng, rasa cuwane wis ora kena didhelikake maneh. Kathik anggone bola-bali misuh.
Wiwit esuk mula dheweke nyegat ana kono, sakderma nuruti pakone maratuwa. Tamu neneka kang saguh nekakake, balungan omah komplit ing dina iki ra ana njebus. Kamangka manut petungane mbah Truno ndhisik tekane kudu ing antarane jam bedhug awan, ateges kuwi ing antarane jam rolasan. Lha ngene iki nganti jam telunan ngene kok durung ana mencungul. nDhak montore bobrok ngono swara batine muni. Nanging nganti surup rep meksa uga sing dienteni durung teka. Mulih, wetune pisuh saya ndhrindhil . Sing gak slamet, disamber gelap, sing sekarat arep modar. Rena-rena. Sauntara mbah Truno mapag tekane mantu kanthi kebak pangarep-arep.
"Piye ?"
"Ajeng dibadhog pethel mbok menawi tiyange " wangsulane mantune setengah sengol.
"Lho ......... kepiya ta ?"
"Ketingal irunge mawon mboten "
"Lha terus ??"
"Boten ngertos ?! Sinten namine tiyang niku ??"
"Jenenge ?? Ah .......... mbah Truno kaya dientup kalajengking, njenggirat kaget. Dieling-eling meksa ora eling. Pancen, saktemene dheweke sasuwene iki durung nganti takon sapa jenenge tamu nyalawadi kuwi ............
posted by Rizky Gadis Belia @ 21.34   0 comments
 
 
  Jumat, 25 Februari 2011  
 
 
18 LAKON WAYANG

PANDHAWA PUTER PUJA


Anggitan : KGPAA Mangkunagara VII

1.
Jejer ing negari Astina.Prabu Suyudana miyos ing pancaniti. Ingkang sumiwi putra R Lesmana Mandrakumara, Dhahyang Durna, Patih Arya Sangkuni tuwin para Kurawa pepak, R Arya Dursasana, R Kartamamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi.
Ginem : Sang Prabu suyudana angsal wangsiting jawata, dhinawuhan nglampahi puter puja medal saking praja . Dhahyang Drona dhinawuhan andherek, dene Patih Arya Sangkuni dalah para Korawa amung kalilan nguntapaken. Sasampuning dhawuh lajeng kondur angadhaton, Dhahyang Durna andherek srinata. Lajeng bibaran nangkil.

2.
Madeg ing gupit Mandragini. Sang padniwara Dewi Banowati lenggah ing pananggap prabasuyasa, ingadhep Dewi Lesmanawati tuwin para parekan. Risang wara angentosi kondurira srinata ngiras pantes mariksani ajaring bedhaya srimpi. Kasaru konduripun Sang Prabu tuwin Dhahyang Drona, lajeng pinethuk ing garwa miwah putra. Kekanthen asta lajeng binekta lenggah satata tuwin Dhahyang Drona . Sang nata imbal wacana dhateng garwa tuwin putra kawontenanipun ing pasewakan, lajeng tindak pambojanan. Sasampuning bojana lajeng santun busana, lajeng mijil ing jawi, Dhahyang Drona tan kantun.

3.
Madeg ing paseban njawi. Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa, R Arya Dursasana, R Kartamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi, R Arya Jayadrata. Ginem : Anggenipun badhe nguntapaken tindakipun sang nata dhateng wana Krendhayana, denira arsa puter puja. Patih Arya Sakuni lajeng dhawuh siyaga, para Korawa sampun samekta sami wahana turangga, namung ngentosi miyosipun sang nata, titihanira rata kencana sampun mangarsa. Wiyosipun Sri Suyudana tuwin Dhahyang Drona lajeng nitih rata kencana. Lajeng bidhal, ;para Korawa sami kapalan.

4.
Madeg ing nagari Nungsakambang. Sang Prabu Jayabirawa miyos pandhapi, ingadhep Patih Siwanda tuwin para punggawa ditya sawatawis. Ginem : Sang Prabu miyarsa warta bilih para ratu ing tanah Jawi sami puter puja wonten ing wana Krendhayana . Sang Prabu kersa angresahi denira sami denira puter puja. Sang nata lajeng animbali punggawa siluman, sampun mangarsa ditya Jaramaya, Doramiya. Para ditya seluman sami dhinawuhan angresahi para ratu tanah Jawi denira sami puter puja wonten ing wana Krendhayana. Ditya seluman lajeng sami pangkat, sang nata kondur angadhaton.
Sigeg.
Lampahipun para sata Korawa ing Astina, ingkang sami nguntapaken srinata Astina tindak dhateng wana Krendhayana sareng dumugi ing margi kapapag ditya saking nagari Nungsakambang. Pasulayaning rembag dadya prang, wasana sami sesimpangan margi.

5.
Madeg ing pratapan Wukir Ratawu. Sang Bagawan Abyasa lenggah ing pacrabakan, ingadhep ingkang wayah R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca miwah panakawan tiga Kyai Semar, Nalagareng, Petruk tuwin para cantrik. Ginem : Sang Begawan andangu dhateng kang wayah kekalih. Sami matur uninga lelampahanipun para Pandhawa anggenipun muter puja : Sang bagawan Abyasa dhawuh dhateng R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca kadhawuhan sami mantuk, amit rinilan pangkat ingiring panakawan repat tetiga. Sang Begawan lajeng tindak ing pamelengan.

6.
Madeg ing wana tarataban. Ditya Jaramaya, Sadumia, Doramiya. Ginem : Anggenipun kautus , gustinipun kadhawuhan angresahi para ratu tanah Jawi ingkang sami puter puja. Mangkana lampahira R Angkawijaa tuwin R Arya Gathutkaca ingiring Kai Semar, Nalagareng, Petruk saya celak lajeng kapapag ditya tetiga. Pasulayaning rembag dados prang rame. Ditya seluman boten saged pejah lajeng krodha anamakaken muksala. R Angkawijaa tuwin R Arya Gathutkaca sareng sami kenging kemayan lajeng dados reca. Kyai Semar, Nalagareng , Petruk sami sumerep bendaranipun dados reca lajeng sami mantuk dhateng Madukara nedya atur pariksa.

7.
Madeg ing wana Krendhayana. Sang Prabu Suyudana tuwin Dhahyang Drona , Patih Arya Sakuni tuwin para Korawa. Sri Suyudana tuwin Dhahyang Drona lajeng sami amiwiti puter puja. Patih Arya Sakuni lajeng wangsul mantuk dhateng ing nagari Astina tuwin para kadang Korawa lajeng sami pangkat.

8.
Madeg Sang Bagawan Lanowa, satriya atapa bisu. Lajeng kasaru rawuhipun Sang Prabu Suyudana tuwin Dhahyang Dorna. Sang begawan dinangu kendel datan mangsuli,. Sareng sinerapaken dening Dhahyang Drona matur menggah anggenipun tapa punika perlu napakaken mantu kula nama R Arjuna. Sang Prabu sareng miyarsa aturing sang begawan, Sang Prabu Suyudana langkung krodha. Sang Begawan pinejahan kuwanda muksa, tilar swara angancam benjing prang Bratayudha badhe males. Sang Prabu lajeng andumugekaken anggenipun puter puja.

9.
Madeg ing Madukara. Raden Arjuna lenggah kaliyan ingkang garwa dewi wara Sumbadra tuwin dewi wara Srikandhi. Kasaru dhatengipun Kyai Lurah Semar, Nalagareng, Petruk sarwi tawan-tawan tangis. Dinangu, matur tiwasing putra R Angkawijaya tuwin R Arya Gathutkaca, sami dados reca wonten wana tarataban. Awit perang kaliyan ditya seluman, lajeng kenging kemayanipun. R Arjuna sareng miyarsa turira Kyai Semar, Arjuna langkung duka arsa ngupadosi ingkang putra. Lajeng pangkat kadherekaken panakawan repat tiga Kyai Semar, Nalagareng, Petruk.

10.
Sigeg. Ing wana tarataban. Lampahipun R Arjuna kapethukaken dening Sang Hyang Bethari Durga amancala warni pawestri endah kang warni nama Dewi Talimendang. R Arjuna uninga Dewi Talimendang lajeng kasmaran. Sang Dewi dipun ngungrum malajeng, binujung. Sang Dewi babar Sang Hyang Bathari Durga, lajeng paring sabda dhateng R Arjuna kados bantheng. R Arjuna lajeng dados bantheng, nanging meksa ambujung kemawon, sareng enget sumerep wujudipun piyambak lajeng anjetung kendel. Kyai Semar, Nalagareng, Petruk ugi nangis bingung katilapan bendaranipun. Lajeng nedya mantuk, bantheng dhateng ing nagari Dwarawati.

11.
Madeg ing nagari Dwarawati. Sang Prabu Kresna miyos ing pandhapi ageng, ingadhep ingkang putra R Samba tuwin R Arya Setyaki. Sowanipun Patih Udawa atur uninga ing njawi wonten bantheng ngamuk. Lajeng kapapagaken sang Prabu Kresna. Bantheng lajeng angrungkebi padanipun ingkang raka Prabu Kresna sarwi akathah-kathah. Sang Prabu lajeng ambiyantu mancala warna dados rare bajang nama Jaka Sungkana, bantheng nama bantheng Andini lajeng tinumpakan. Lajeng pangkat dhateng praja Nungsakambang.



12.
Madeg ing nagari Amarta. Sang Prabu Puntadewa miyos ing pandhapi, ingadhep ingkang rayi R Arya Wrekodara , tuwin R Nakula, R Sadewa. Ginem : Sang Prabu arsa puter puja. Sang Prabu Puntadewa dhahwuh dhateng ingkang rayi R Arya Wrekodara tuwin R Nakula. R Sadewa sami dhinawuhan andherek dhateng ing wana Krendhayana, sampun sami samekta lajeng bidhal.

13.
Madeg ing wana Krendhayana. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi R Arya Wrekodara, R Nakula, R Sadewa. Wonten ing ngriku sami amanggih reca gajah pethak, ing nalika samanten patilasanipun R Gajahoya. Sri Puntadewa tuwin para rayi lajeng sami amatrap semadi. Boten antawis dangu rawuhipun Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra amaringaken panetepipun agami, utawi tulus anggenipun angratoni ing nuswa Jawi. Tuwin ungguling Bratayuda ing benjing. Sasampuning dhawuh Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra lajeng sami kondur ing kahyangan. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi sami kondur mring Amarta, lajeng bidhalan.

14.
Madeg ing nagari Nungsakambang. Sang Prabu Birawa miyos ing pandhapi , ingadhep Patih Siwanda. Kasaru rawuhipun Sang Hyang Bathari Durga, sampun lenggah satata. Ginem : Sang Hyang Bathari Durga paring uninga bilih raden Arjuna sirna. Sang Prabu Birawa suka panggalihipun, Sang Hyang Bathari Durga lajeng kondur makayangan. Katungka dhatengipun R Jaka Sungkana anumpak bantheng Andini , wonten ing alun-alun ing Nungsakambang angamuk. Sang Prabu Birawa krodha lajeng medal ing njawi panggih ayun-ayunan prang rame. Patih Siwanda lajeng dados sima gembong, ingaben kaliyan bantheng Andini lajeng babar R Arjuna. Sang Prabu Kresna lajeng angayat cakra, sampun lumepas kenging Prabu Birawa lajeng babar Sang Hyang Kala. Sima gembong kenging lajeng babar Hyang Kalayuwana, lajeng sami muksa dhateng ing kahyangan.

15.
Madeg Prabu Kresna tuwin R Arjuna. Ginem : Sasirnaning Sang Hyang Kala lajeng ngupadosi para kadang Pandhawa. Sri Kresna tuwin R Arjuna dumugi ing wana tarataban uninga reca kekalih bagus warnanipun, lajeng pinarepekan. Sareng sampun celak lajeng rinuwat, reca kekalih babar R Arya Gathutkaca tuwin R Angkawijaya. Dinangu, matur purwa madya wasana katur ingkang uwa Sri Kresna tuwin rama R Arjuna. Kang putra kekalih lajeng kadhawuhan andherek kondur dhateng nagari Amarta, lajeng sami bidhal.
Lampahipun Prabu Kresna, R Arjuna tuwin putra R Angkawijaya R Gathutkaca dumugi ing margi kapanggih ingkang rayi Prabu Puntadewa tuwin kang rayi R Arya Wrekodara, R Nakula, R Sadewa . Ginem : Sri Kresna warta-winartan lejeng ingaturan kondur dhateng nagari Amarta , sadaya lajeng bidhal.

16.
Madeg ing nagari Astina. Sang Prabu Suyudana miyos ingadhep dhahyang Drona tuwin Patih Arya Sakuni. Ginem : Anggenipun mentas lumampah puter puja tuwin anggenipun mejahi pandhita tapa ingkang boten dosa. Sang Prabu rumaos manggih sesikuning jawata. Sang Nata esmu kaduwung sarta amireng pawartos bilih kadang Pandhawa anggenipun sami lampah puter puja angsal damel. Sri Suyudana lajeng animbali para kadang Korawa. R Arya Dursasana, R Arya Jayadrata, R Kartamarma, R Durmagati, R Citraksa, R Citraksi sampun sowan, lajeng kinen mangarsa. Sang Prabu dhawuh dhateng R Arya Dursasana sakadangira dhinawuhan angrampit ing praja Amarta. Sami sandika lajeng bidhalan, sang nata lajeng kondur ngadhaton.

17.
Madeg ing nagari Amarta. Sang Prabu Puntadewa tuwin ingkang rayi Prabu Kresna ingadhep para rayi, R Arya Wrekodara, R Arjuna, R Nakula, R Sadewa tuwin para ;putra santana pepak. Ginem : sang Prabu Puntadewa ngaturaken anggenipun anglampah puter puja nalika wonten Krendhayana. Anggenipun semedi ing ngriku lajeng katurunan Sang Hyang Narada tuwin Sang Hyang Endra andhawuhaken timbalanipun Sang Hyang Girinata. Sri Kresna miyarsa langkung suka ing galih, sang Prabu Kresna ngantos ngaturaken lelampahinipun nalika wonten ing praja Nungsakambang, katur sadaya. Lajeng kasaru gegering njawi dhatengipun para Korawa sami angrampit praja. Sang Prabu Puntadewa dhawuh dhateng ingkang rayi R Arya Wrekodara dhinawuhan mapag. R Arya Wrekodara lajeng medal njawi, dumugi ing njawi lajeng prang sampak. Para Korawa sami kasor lumajar sar-saran, R Arya Wrekodara lajeng wangsul dhateng pasewakan.

18.
Madeg Sang Prabu Puntadewa, Prabu Kresna, R Arjuna, R Nakula, R Sadewa, R Angkawijaya, R Arya Gathutkaca para kadang Pandhawa pepak, tuwin para putra santana. Sowanipun R Arya Wrekodara ingkang mentas saking yuda, sampun lenggah satata. Lajeng mangun bojana andrawina. Tanceb kayon.
posted by Rizky Gadis Belia @ 23.04   0 comments
 
 
   
 
 
ADAT TATA CARA JAWI
I.ADAT NALIKA JISIM DIPUN BIDHALAKEN
Ing wekdal sapunika taksih kathah para sedherek Jawi ingkang ngugemi adat sarta tata cara warisan para luhur, ananging ugi kathah adat sarta tata cara kina ingkang sampun dipun tilar. Minangkani pamundhutipun salah satungggaling sutresna Jawi ing babagan sakiwa tengenipun bab nalika wonten jisim ingkang badhe kabidhalaken, adat sarta tata cara kina ingkang taksih saged dipun prangguli ing satengahing bebrayan agung Jawi ing antawisipun kados ing ngandhap punika :
1.Brobosan ; inggih punika menawi ingkang tilar donya punika tiyang sepuh, para anak putu dipun brobosaken ing sangandhaping bandhosa ingkang sampun dipun angkat. Kathahipun kaping tiga. Tujuwanipun : supados kita nyumerepi dumadosing kita ing alam donya punika lantaran saking tiyang sepuh. Kaping kalih anak putu sampun ngeklasaken dhumateng ingkang sampun tilar donya sowan dhateng ngarsaning Gusti ingkang Maha Kuwaos.
2.Saderengipun jisim dipun bidhalaken wonten adicara mecah kendhi ingkang isinipun toya kacampuran sekar.
3.Nalika jisim dipun bidhalaken wonten pawongan ingkang mbekta senthir ngantos dumugining regol, kulawarganipun memuji supados ingkang tilar donya sageda padhang, boten kepetengen ing tengah margi.
4.Sesarengan kaliyan mbekta senthir margi ingkang dipun langkungi jisim dipun saponi, meh sami kaliyan angka kalih bilih kulawarganipun memuji supados margining ing alam kubur sageda resik, boten wonten alangan
5.Mecah gendheng , nalika jisim dipun bidhalaken kulawarganipun lajeng mecah gendheng ing pangangkah supados rohipun ingkang tilar donya boten purun wangsul dhateng alam kasar malih jalaran griyanipun sampun risak, utawi dipun risak.
6.Mecah piring , meh sami kaliyan mecah gendheng supados rohipun ingkang tilar donya boten purun wangsul dhateng alam kasar masalahipun kulawarganipun sampun boten purun nampi lantaran piringipun ingkang dipun angge ajang sampun dipun pecah.
7. Menawi ingkang tilar donya jaka utawi prawan , tegesipun dereng nate emah-emah lajeng dipun damelaken gagar mayang (sanes kembar mayang kangge penganten ) kaliyan dipun sangoni ayam ingkang taksih lancur (menawi jaler) lan taksih dhere (menawi estri). Ayamipun dipun culaken sasampunipun layon dipunpetak.
8.Menawi dumugi malem dinten geblagipun ingkang tilar donya jedhing utawi kolah kedah dipun kebaki. Ing ngriki wonten kapitadosan bilih rohipun ingkang tilar donya wangsul dhateng griya.
9.Wonten kapitadosan bilih roh ingkang tilar donya nalika :
a.Tigang dinten, taksih sare wonten panggenan nalika geblagipun.
b.Pitung dinten, taksih wonten ing salebeting griya.
c.Kawan dasa dinten, nembe pamit ninggalaken griya. Ing bab punika percados utawi boten nyumanggakaken.
Adat sarta tata cara ing nginggil wonten ingkang sampun boten dipun angge nanging ugi kathah ingkang sampun boten angge utawi ical. Kados adat utawi tata cara brobosan taksih kathah dipun lampahi ing tlatah Pacitan, Madiun,Lamongan ngantos Surabaya. Ananging tata cara kados mbekta senthir, nyaponi margi, mecah gendheng, sarta mecah piring sampun boten pinanggih. Miturut katrangan sedherek kula ingkang wonten Baturetna, Wonogiri adat mecah gendheng sarta mecah piring taksih wonten namung mligi priyantun ingkang sugih utawi taksih wonten trah sentana dalem. Kanggenipun brayat ingkang sanes trah sampun kathah ing nilar.
Namung ugi perlu dipun kawuningani bilih ingkang nami adat sarta tatacara punika tamtu owah gingsir kabekta saking owah gingsiring jaman.

II. WASITA SINANDI.
Saleresipun kathah wasita sinandi (petuah tersembunyi, pitutur sae ingkang boten melok) ingkang sae , menawi dipun takeni menapa sebabipun namung dipun wangsuli “ora becik” kadosta :
1.Aja mangan ing tengah lawang.
2.Aja mangan kanthi nyangga piring.
3.Aja nglungguhi bantal mundhak wudunen.
4.Aja ajang layah, mengko yen dadi penganten mundhak udan deres.
5.Aja payungan, nganggo caping (capil) ing njero omah.
6. Yen nyapu sing resik, yen ora resik mengko mundhak brengosen.
7.Tuku lenga tanah (lenga gas) aja ing wayah bengi.
8.Aja nyapu jogan ing wayah bengi.
9.Aja nggawa ujungan godhong gedhang menyang jero omah.
10.Menawi wonten bledheg kaca-kaca paesan (cermin) kedah dipun tutupi.
11.Aja turu kasur tanpa sprei.

Taksih kathah wasita sinandi sanesipun ingkang dereng katuraken, mangke kula sambet ing wekdal sanesipun. Nuwun.
posted by Rizky Gadis Belia @ 22.58   0 comments
 
 
   
 
 
SENGKALAN
Tembung-tembung kang dianggep nduweni watak wilangan.

1. Watak siji.
a. Tembung kang nduweni teges “ siji” kayata : iji, wiji, tunggal, tunggil, eka, juga.
b. Tembung kang nduweni surasa mung siji, kayat : jati (sajati, sejatos), nyata (sanyata), yekti (sayekti, sayektos), Gusti, lsp.
c. Jenenge perangane awak sing cacahe mung siji, kayata : dhara (weteng), nabi (wudel), iku (buntut).
d. Barang sing awangun bunder, kayata : bumi, srengenge, rembulan lsp. Bunder iku dianggep wungkul, tegese isih wutuh siji.
e. Wong lan dasaname, kayata : wong, manungsa, janma, jalma.
f. Rerimbagane tembung-tembung kang kasebut ing a nganti e.

2. Watak loro.
a. Tembung-tembung kang ateges “loro”, kayata : loro, kalih, dwi.
b. Tembung-tembung kang ngemu surasa “loro” , kayata : kembar, penganten, kanthi lsp.
c. Perangane awak sing cacahe loro, kayata : tangan, suku, swiwi, lar, lsp.
d. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti c.

3. Watak telu.
a. Tembung-tembung kang nduweni teges telu “telu”, kayata : telu, tiga, tri.
b. Geni lan dasanamane, kayata : geni, bahni, pawaka, lsp. Ujaring kandha leluhure Ijajil iku asorot warna telu : abang, kuning, lan biru.
c. Kahanane geni lan kang gegayutan karo geni, kayata : panas, murub, padhang, geseng, kukus, sorot, obor, lsp.
d. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti c.

4. Watak papat.
a. Banyu lan dasanamane (tirta, warih, udaka lsp). Ujaring kandha , banyu iku ana warna 4 (banyu saka bumi, saka langit, saka manungsa, saka kewan)
b. Tembung-tembung kang ateges 4 , kayata : papat, sekawan, catur.
c. Kahanane banyu, kayata : bening, suci, tawa, lsp.
d. Kang ngemu surasa banyu lan sing isi banyu, kayata : bun, jawah, seganten, tlaga, sumur, lsp.
e. Kang ateges “gawe, karya” , kayata : gawe, karti, kardi.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

5. Watak lima.
a. Tembung-tembung kang nduweni teges “lima” , kayata : lima, gangsal, panca, Pandhawa.
b. Buta lan dasanamane , kayata : danawa, yaksa, ditya, raseksa, lsp. Buta iku kalebet pancabaya, tegese bebaya warna lima 5, yaiku : bebaya saka dewa, saka manungsa, saka kewan, saka raseksa.
c. Angin lan dasanamane, kayata : samirana, bayu, maruta, lsp. Karimbag saka “pancaroba” = angin saking 5 panggonan ngerobi, yaiku angin saka keblat 4 lan saka ndhuwur. Utawa karimbag saka “pancarowa” , angin saka 5 panggonan awor dados dadi siji.
d. Jemparing lan dasanamane (panah, sara, hru, lsp) . Jemparing iku kalebu gegaman kanggo pancakara (perang) sing ateges nindakake 5 perkara, yaiku : mara cangkem, mara tangan, mara sikil, mara bandhem, mara gegaman.
e. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti d.

6. Watak nenem.
a. Tembung-tembung sing ateges nenem, yaiku : nenem, sad.
b. Jenenge kewan asikil nenem (sadpada), kayata : kombang, tawon, anggang-anggang, lsp.
c. Kang ngemu surasa 6 , kayata : naya, winayang (mangsa 6 ), retu (saretu = 6 taun).
d. Tembung-tembung : geger, oreg, oyag, obah, gonjing, moyag-mayig, karimbag guru jarwa karo retu.
e. Jenenge rasa , sebab rasa iku ana 6 warna (sad-rasa) yaiku : rasaning pandulu, pangganda, pangrungu, pangenyam, panggrayang, lan sara sejati ( bungah, susah, tentrem, lsp). Nanging kang lumrah dianggo sengkalan : sarkara lan dasanamane (manis, legi).
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

7. Watak pitu.
a. Tembung-tembung kang ateges “pitu” , yaiku : sapta, pitu.
b. Gunung lan dasanamane (wukir, parwata, aldaka, lsp) . Miturt laying Darmasonya ing antariksa ana jagat jeneng “sapta prawata” (ateges gunung pitu) , dienggoni para dewa lan resi gana. Ing sadhuwure jagat iku dununge jagate Bathara Wisnu.
c. Turangga lan dasanamane (kuda, kapal, aswa, lsp).
d. Pendhita lan dasanamane (wiku, muni, suyati, lsp). Miturut laying Pustakarajaputrwa, Prabun Sri Mahapunggung jumenenge nata ajejuluk Nata Binathara Sri Maharaja Kano seneksen dewa 9, brahmana 8, pandhita 7, mula dewa awatak 9, brahmana 8, pandhita 7.
e. Swara dianggep nduweni watak 7, sebab cacahe aksara swara Jawa ana 7, yaiku : a, I, u, e, o, e, re, le.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

8. Watak wolu.
a. Tembung-tembung kang nduweni teges wolu , kayata : wolu, astha.
b. Wasu (basu), sebab cacahe wasu (jinising dewa) ana wolu, yaiku : 1. Dara, 2. Druwa, 3. Soma (Candrama), 4. Anila (Swasana), 5. Anala (Hutasana) , 6. Pratusya, 7. Aha, 8. Prabasa (Drahyu). Kabeh iku lumrah disebut Asthabasu.
c. Gajah lan dasananmane (liman, esthi, dirada, lsp) sebab “Nagaraja” kejaba ateges retuning naga (sawer) uga ateges ratuning gajah.
d. Naga lan dasanamane (ula, taksaka, sawer), karimbag guru-dasanamane karo “basu”, sebab tembung “ basu” uga ateges ula.
e. Pujangga (bujangga), sebab kajaba ateges wong kang wasis ing babagan basa lan karangan , tembung “Pujangga (Bujangga)” uga ateges ula. Ana maneh sebabe pujangga awatak 8, amarga pujangga kasinungan limpad (kapinteran) warna wolu : 1. Awicarita (wasis crita, ndongeng), 2. Mardawalagu (wasis ing babagan tembang lan gendhing), 3. Mardawa basa (wasis ing babagan dasa mardu-mardawa), 4. Mandraguna (wasis ing babagan kagunan warna-warna), 5. Parameng sastra (ahli ing babagan sastra, ahli basa), 6. Parameng kawi (ahli ing babagan reriptan, ahli ngarang), 7. Nawung kridha (alus rasa pangrasane nganti bisa nanggapi marang krentege atine wong liya), 8. Sambegana (utama banget uripe).
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.

9. Watak sanga .
a. Tembung-tembung kang nduweni teges 9 yaiku : sanga, nawa.
b. Dewa lan dasanamane (jawata, lsp)
c. Tembung kang nduweni surasa “bolong , mlompong, ora rapet”, kayata : dwara, wiwara, gapura, dalan, rong, leng, song, guwa, babahan lsp. Sebab babahane babahan ana sanga, yaiku : bolongane irung 2, mripat 2, kuping 2, lesan 1, planangan (pawadonan) 1, dubur 1.
d. Kang gegayutan karo kang ngemu surasa bolong, kayata : butul, mbuka, menga, manjing, mlebu, terus, rumasuk, lsp.
e. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti d.

10. Watak das.
a. Tembung-tembung kang surasa “ora ana” utawa “wis ora ana” utawa “wis ora wutuh” kayata : mati, ilang, sirna, tanpa, datan, telas, nir, brastha, surud, sempal, swuh, ruska, lsp.
b. Langit dan dasanamane (akasa, gegana, dirgantara, ngawiyat, lsp) sebab langit (sing awarna biru) salugune ora ana.
c. Sing ngemu surasa “ing langit” , kayata : dhuwur, luhur, inggil.
d. Kang ngemu surasa “ngener langit “ , kayata : mumbul, muluk, kombul, mesat, mletik, tumenga, lsp.
e. Suwarga , sebab ing pangrasa dununge suwarga iku ana ing ndhuwur.
f. Rerimbagane tembung-tembung sing kasebut ing a nganti e.





Tembung-tembung kang watak wilangane mbingungangke .
Akeh tembung sing watak wilangane bisa mbingungake , kayata :

1. Estri, watak 3, guru wanda karo “tri”, ateges 3. Wanita watak 1, guru wanda karo “awani”, ateges srengenge.

2. Mulat watak 2, karimbag guru karya karo mripat. Uninga watak 3, karimbag guru dasanama karo obor.

3. Marga watak 5, karimbag guru wanda karo margana, ateges jemparing. Dalan watak 9 , karimbag guru jarwa karo terus, bisane “terus” jalaran ana dalane.

4. Mulang watak 7 , karimbag guru karya karo pandhita (Mulang iku pakaryane pendhita, ing jaman biyen). Misik watak 5 , karimbag guru-dasanama karo angin. (wisikan = angin).

5. Gana watak 6, karimbag gur warga karo sadpada (kewan asikil 6). Gegana watak das, karimbag guru dasanama karo langit. (gana = anak tawon).

6. Nata tembung lingga ateges ratu, watak 1. Karimbag guru dasanama karo raja. Nata tembung tanduk (an + tata) watak 5 , karimbag guru dasanama karoangin (tata = angin).

7. Muni watak 7, karimbag guru dasanama karo pendhita. Caturan watak 4, karimbag guru wanda karo catur. (Catur tembung Kawi = 4 ).

8. Suta watak 1, karimbag guru-dasanama karo anak, atmaja. Yoga watak 4, sebab yoga iku nduweni teges “jaman”, lan ing jaman iku ana 4 : 1. Kretayoga, 2 Tirtayoga, 3. Duparayoga, 4. Kaliyoga.

9. Ati watak 1, karimbag guru dasanama karo tyas. Nala watak 3, karimbag kari guru dasanama karo geni. Nala, anala = geni. Driya watak 5, karimbag guru guru wanda karo pancadriya.
posted by Rizky Gadis Belia @ 22.57   0 comments
 
 
   
 
 
SANEPA
Saben dina mung tansah nesu, tandange srogal-srogol, ulate bening leri, jalaran ora katekan karepe.

Eseme pait madu, angujiwat agawe brangtaning para priya kang kataman wuyung.

Sanepa yaiku ukara kang kedadean saka tembung watak (kata sifat) kasambung tembung aran (kata benda) sing ngemu surasa kosok balen.


Tuladha liyane :

1. Polahe anteng kitiran, mrana- mrene ora ana mandhege.

2. Dedegmu mung dhuwur kencur, ora-orane yen kowe bisa ngranggeh tanganku.

3. Sanyatane kulitmu isih wuled godhong lumbu, balungmu atos debog , ora sumbut karo sumbarmu sing kaya - kaya bisa mutungake wesi gligen.

4. Gunemane pait juruh, mula akeh wong sing kapilut.


5. Apa ora tu diresiki ta ya, ambune kok arum jamban.

6. Ora susah ngandhar-andhar angendhukur, sanyatane kawruhmu isih jero tapak meri.

7. Abot kapuk ngene lho, kena apa anggonmu ngangkat mung tansah bae!

8. Katresnanipun den Bagus dhumateng den Ayu paribasan renggang gula, kumeyur pulut.

9. Kamar kok resik peceren, apa ora nate kok saponi?

10. Pangandikanipun sepet madu mila kathah para priyantun ingkang remen.

11. Cahyane abang dluwang, bareng konangan anggone nyolong.

12. Kowe kuwi lho sadina-dina ko mung mangan bae, delengen awakmu kuru, nanging kuru semangka.

13. Wangune rembulan kang lagi ndhadhari bunder seser paribasan benjo tampah.

14. Playune lonjonng mimis, sawise diprentah dening gegedhuge

15. Lumarape para prajurit lonjong botor, ngrabasa mungsuh ing satengahing palagan.

16. Ngelmu iki ngremit banget paribasan agal glepung, mulla sing ngati-ati.

17. Yen dak rungokake kandhamu pait juruh, ora ana gregele.

18.Swarane pesindhen iku paribasan sepet madu, kondhang ing saindenging Nuswantara.

19. Kowe iku pancen ora kena dipercaya, tembugmu peret beton.
posted by Rizky Gadis Belia @ 22.56   0 comments
 
 
   
 
 
SANDHANGAN AKSARA JAWA (2)





Kang diarani sandhanganing aksara iku tetenger kang dienggo ngowahi utawa muwuhi unining aksara utawa pasangan, yaiku :

Kanggo gegaran katrangan ing ngisor iki , PANJENENGAN KLIK ANA KENE !

1. SANDHANGAN SWARA
Sandhangan swara ana limang warna yaiku :
Wulu : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ I “
Tuladha : siji, pipi, bibi, mligi, driji, mili, bathi, sapi, lagi, mari, mati, tangi, janji, kanti,
Suku : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ U “
Tuladha : suru, buku, suku, tuku, turu, wulu, sangu, watu, bau, tamu, jamu, panu,
Taling : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ E “
Tuladha : rene, pepe, kere, lele, cere, bebek, kerek, pepet,menek, lemek,
Taling-tarung : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ O “
Tuladha : bojo, loro, bodho, kono, rono, mopo, kodhok, bosok, bolong, kosong, cocor, kolong
Pepet : gunane kanggo aweh uni kaya dene “ Ě “
Tuladha : peteng, geneng, dhedhet, pejah, cecak, kebak, cekak, degan, cedhak, sengak.


2. SANDHANGAN WYANJANA

Sandhangan wyanjana ana telung warna yaiku :
Cakra : minangka sesulihe panjing ra .
Tuladha : putra, cakra, patra, sigra, mrana, brana, krupuk, mrucut, srutu, grenjeng, kranjang, granggang
Keret : minangka sesulihe panjing ra lan pepet .
Tuladha : kreteg, trenyuh, prenthul, prenjak, grendul, tentrem, krembangan, trebang, trebis,
Pengkal : minangka sesulih panjingan ya
Tuladha : kyai, ambyah, ambyur, kepyur, sempyok, gepyok, gobyog, tyas, setya, gebyagan, gapyuk.

3. SANDHANGAN PANYIGEG

Sandhangan panyigeg ana telung warna , yaiku :
Wignyan : minangka lelirune sigeg “h”.
Tuladha : gagah, wegah, papah, weruh, bakuh, saguh, lungguh, pecah, bocah, kolah, mothah, bubrah.
Layar : minangka lelirune sigeg “r” .
Tuladha : pasar, bubar, tukar, pasir, menir, beber, kether, janger, bobor, awor, ngalor, gogor, muter.
Cecak : minangka lelirune sigeg “ng”
Tuladha : pasang, kapang, jagang, palang, pulung, putung, kurung, kobong, gosong, momong.

4. SANDHANGAN PANGKON (PATEN )

Sandhangan pangkon utawa paten, gunane kanggo mratelakake yen aksara kang dipangku iku dadi sesigeging wanda kang ana ing sangarepe.
Kajaba iku, sandhangan pangkon uga dadi sesulihe pada lingsa (koma).
Manawa diwuwuhi pada siji (lingsa), dadi lelirune pada lungsi (titik ).
posted by Rizky Gadis Belia @ 22.53   0 comments
 
 
   
 
 
PARIKAN (2)
Lenga wangi cap iwak dhuyung,
Lenga leteng nyebenggolan,
Lunga wengi nglayap neng lurung,
Peteng-peteng golek senggolan.

Karang Tembok akeh wong mati,
Aja methik kembang semboja,
Dadi wong wedok sing ngati-ati,
Aja nganti kena panggodha.

Wayah mahgrib budhal nang sawah,
Teka sawah kok diwedeni,
Dadi wong urip kok serba salah
Kuwata wae nggone nglakoni.

Kampung Ujung ndhuk Surabaya,
Tanjung Perak akeh kapale,
Ayuk unjung marang wong tuwa,
Supaya awak ilang sangkale.

Uwur-uwur kodhok segara,
Bandeng nener disaut ula,
Sukur-sukur yen pena jawa,
Tak ngengeri sak urip kula.

Walang ireng mabur mbrengengeng,
Walang ijo dawa suthange,
Yen seneng aja mung mandeng
Golekana ngendi omahe.

Ireng-ireng ndang jumputana,
Marut klapa katut ampase,
Ati seneng ndang turutana,
Aneng donya pira lawase.

Pena turu rak ngimpi apa,
Ngimpi bapak nengguluk pacul,
Pena kuru mikiri sapa,
Mikiri cacak gak tau kumpul.

Suwe ora jamu,
Jamu pisan peresan pace,
Suwe ora ketemu,
Ketemu pisan bingung atine.

Nang Wendhit tukua klentheng,
Tuku jamu nang kampung Gubeng,
Nganggoa kendhit sampek methentheng,
Yen wong lemu gak wurung mbembeng.

Rujak kanon pecelan mortir,
Lalapane pluru karaben,
Bareng katon nek kiwir-kiwir,
Mung sayange bokonge sak amben.

Mojokerto tretek terusan
Kali gedhe dalane prau,
Dadi jaka jok adol kebagusan
Nyambuta gawe sing paling perlu.

Esuk enjing sore sonten,
Nandur tela kula guluti,
Kula mbenjing tumut sinten,
Sedulur sing jawa kula tumuti.

Santen duduh kalapa,
Mangan kupat weton Medura,
Cekap semanten atur kawula,
Menawi lepat nyuwun ngapura.
posted by Rizky Gadis Belia @ 22.52   0 comments
 
 
   
 
 
PARIKAN 1
1. Kodhoke kalung kupat,
Boyoke sing ora kuwat.

2. Purwadadi kuthane,
Sing dadi nyatane.

3. Nyang Sala payunge ilang,
Dadi randha aja sumelang.

4. Gresik Surabaya,
Kalah dhisik aja ngresula.

5. Jombang Kertasana,
Yen kebimbang ndang takokena.

6. Lurik Pantiyasa.
Dilirik ora rumangsa.

7. Bir temulawak.
Dipikir ngrusakke awak.

8. Awan-awan mlaku ngulon.
Nganti edan ora kelakon.

9. Omah gendheng tak saponane.
Abot entheng tak lakonane.

10. Mangan gethuk ra nganggo klapa.
Yen wis gathuk ngenteni apa.

11. Gedhogan omahe cempe.
Kene gedibagan kana ra piye-piye.

12. Klambi abang suweng ontang-anting.
Diajak gemang ditinggal gulung koming.

13. Theklek kecemplung kalen.
Timbang golek aluwung balen.

14. Ireng-ireng kembang telekan.
Rupane ireng dadi golekan.

15. Nyangking ember isine lonthong.
Lungguh jejer gak wani omong.
posted by Rizky Gadis Belia @ 22.50   0 comments
 
 
   
 
 
PARIBASAN
Dom sumuruping banyu : Mata pita (mata-mata) banget ngati-atine ing panggonan mungsuh.

Dudutan lan anculan : Wong loro sekongkelan, nanging sing siji ethok-ethok ora weruh.

Dudu berase ditempurake : Melu nimbrung sing dudu prekarane.

Gajah marani wantilan : Wong sing sengaja marani bebaya.

Gajah ngidak rapah : Wong sing nerak wewalere (pepacuhe) dhewe.

Gambret singgang mrekatak ora ana sing ngundhuhi : Wong wadon (prawan) pinter srawung, nanging ana sing ngepek bojo.

Garang nanging garing : Wong sing katone mewah nanging salugune mlarat (ketara gagah nanging ora duwe).

Ngontragake gunung : Wong sing bisa ngalahake mungsuh sing luwih kuwat utawa rosa, nganti gawe gumune wong akeh.

Nglungguhi klasa gumelar : Wong kang kari nemu kepenake, ora melu rekasane .

Tigan kaapit ing ing sela : Wong ringkih dimungsuh wong loro tur luwih kuwat utawa rosa.
posted by Rizky Gadis Belia @ 22.49   0 comments
 
 
   
 
 
BEBASAN
Adhang-adhang tetesing ebun : Ngarep-arep pawewehing liyan.

Andaka ketaman wisaya :
Wong prekaran, bareng rumangsa arep kalah, banjur minggat.

Anak-anakan timun :
Ngopeni bocah (lumrahe bocah wadon) bareng wis banjur dipek bojo .

Aji-aji waringin sungsang : Jinising aji-aji sing njalari awak bisa digdaya.

Bacin-bacin iwak ala-ala sanak :
Sanajan ala, jalaran isih sedulur, mesthi ora tega yen nganti nandhang sangsara.

Bali menyang kinjeng dome : Wong cilik dadi wong ngaluhur , nanging banur dadi wong cilik maneh.

Bathang gajah :
Tilas wong gedhe.

Banyu gege : Banyu diwenehi kembang lan dimantrani kanggo ngedusi bayi.

Banyu pinerang : Pasulayan ing antarane sedulur, mesthi banjur pulih maneh.

Banyu tangi : Banyu anget (banyu tawa kacampuran wedang) kanggo ngedusi bocah.

Banyu tuli : Banyu kang kanggo syarat nambani wong lara.

Banyu windu : Banyu kang diwayokake.

Bebasan godhong mlumah dikurepake, godhong mureb dilumahake : Anggone nggoleki tliti banget.

Bocah aras kembang : Gampang disihi bendara.

Bubuk oleh leng : Wong duwe sedya ala, banjur oleh dalan sing prayoga.

Byung-byungan kaya tawon kambu
: Ora ngerti marang lungguhe rembug, anut grubyug ora ngerti ing rembug.

Bramara mangrurah kusuma : Kombang ngrusak kembang.

Brakithi angkara madu
: Wong tumeka tiwas jalaran saka pekaremane . Brakithi = semut.

Cablek-cablek lemut : Nindakake pegaweyan sing remeh.

Caruk banyu : Gedhe cilik, ala becik dianggep padha bae, racak.

Cebol ngayuh lintang : Wong cilik (sekeng) nduweni panggayuh sing gedhe, mokal kelakone.

Cedhak kebo gupak : Sesrawungan karo wong ala, mesthi katute.

Dadia godhong moh nyuwek dadia banyu moh nyawuk : Wong sing ora gelem sesrawungan maneh.

Debog bosok galih asem : Ucape wong yen kepethuk (weruh) mayit digotong. Miturut gugon tuhon ngucap mangkono mau supaya slamet.

Dibalang kembang mbalang tai : Diapiki males ala.

Dicutat kaya cacing : Ditundhung kanthi cara kang siya-siya.

Diedu padha banyune : Diedu tunggal guru lan ngelmu.

Dikayu alakake : Dianggep wong ala , dicecamah.

Dikena iwake, aja nganti buthek banyune : Bisaa kaleksanan sing disedya, aja nganti gawe gendra.

Ditemu kuwuk : Diwales (diprawasa) dening mungsuhe ing papan kang prayoga kanggo males.

Dolanan ula mandi :
Nindakake pakaryan sing mbebayani banget.

Dom sumuruping banyu : Tindak nyamar, laku dhedhemitan nganti sedyane ora kaweruhan dening wong liya.

Enggon welut didoli udet : Wong pinter diumuki kapinteran.

Gajah meta cinancang wit sidaguri, patine cineker ayam : Kraman aran Dirana (anake sratine Gajah aran Dirada ) Kepikut, dicancang ing wit sidaguri, wusanane tumeka pati dirampog sarana dicocogi dom.

Gajah ngidak rapah : Wong sing nerak wewalere (angger-anggere) dhewe.

Giri lusi janma tan kena ingina : Ingatase cacing bae bisa munggah gunung, apa maneh manungsa, babar pisan ora kena diina.

Golek banyu bening : Maguru, madhukun.

Gurem thethel-tehthel : Wong cilik (sekeng) duwe panjangka sing ora majad sarana ngedol barang darbeke.

Iwak kalebu ing wuwu : Wong sing kena krenahing mungsuh ora bisa ucul maneh.

Jangkrik mambu kili : Wong sing nduweni watak brangasan dikileni, mesthi gampang muntabe.

Jaran kembang duren : Jaran kang ulese kuning.

Jati ketlusuban ruyung : 1. Kalebon telik sandi (mata-mata). 2. Golongane wong becik lkalebon wong ala.

Kakehan gludhug kurang udan : Wong kang akeh guneme, nanging ora ana nyatane.

Kaya kinjeng tanpa soca
: Tumindak nunak-nunuk jalaran ora ngerti tata-caraning panggenan sing di parani.

Kaya welut dilengani : Guneme lunyu banget, anggone padu pinter banget.

Kandhang langit kemul mega : Wong sing klambrangan, ora duwe omah.

Kesandhung ing rata, kebentus ing tawang : Nemoni bebaya (reribed) ing papan sing ora mbebayani.

Kekudhung walulang macan : Aling-aling wong sing nduweni panguwasa, supaya gampang ketekan sedyane.

Kembang paes : Kembang sing sepisanan, lumrahe ora dadi woh.

Kembang setaman : Kum-kuman kembang sing apik-apik kanggo sarat mijiki temanten.

Kendhit mimang kadang dewa : Kalis saka bebaya.

Ketiban ndaru : 1. Katekan bendara utawa karawuhan wong gedhe. 2. Wong oleh kabegjan gedhe.

Ketiban pulung : Tampa kabegjan gedhe.

Kleyang kabur kanginan : Lunga menyang endi-endi ora karuwan sing dijujug.

Kriwikan dadi grojogan : Prekara sepele wusanane dadi gedhe.

Kucing kembang asem : Kucing sing ulese abang semu kuning.

Kumenthus ora pecus : Umuk, nanging bisa mrantasi gawe.

Kumrisik tanpa kanginan : Ngandhakake resike atine, jalaran kuwatir diterka.

Lawas-lawas kawongan godhong : Wong ngabdi suwe-suwe mesthi ora kanggo.

Lebak ilining banyu : Wong cilik (andhahan ) lumrah kanggo tebane kaluputan ( Kaluputane wong gedhe lumrahe ditibakake andhahane.

Londho-londho walang sangit nggendhong kebo : Katone ora nduweni ati ala, nanging satemene nduweni ati sing culika banget.

Kana nggone kana wite : Ukara iku lumrahe diucapake samangsa wong nemoni lelakon ala, maksude supaya awake dhewe utawa kulawargane ora ketaman lelakon sing kaya mangkono.

Kayu taun : kayu sing lumrah dianggo balungane omah kajaba kayu jati, kayata : kayu weru, nangka, sengon lsp.

Kayu bakar : kayu sing diaanggo urub-urub utawa adang.

Kayu apu : jejnengte tetuwuhan sing kumambang ing segara.

Kayu manis : jenenge wit sing klikane legi semu pedhes.

Kebanjiran segara madu : Oleh kabegjan sing kaluwih gedhe.

Kemladheyan ajak sempal : Sadulur sing ngajak marang karusakan.

Kutuk marani sunduk : Wong kang niyat marani bebaya.

Kutuk nggendhong kemiri : Wong manganggo (berpakaian) mompyor ngambah dalan sing mbebayani (akeh begale).

Madu angin : Ngrembug (regejegan) bab sing tanpa guna.

Mburu kidang lumayu: Mburu rejeki sing durung mesthi bisa kagayuh.

Mbuwang rase oleh kuwuk :
Nampik barang ala, oleh barang sing luwih ala.

Malang nggambuhi : Jejodhowan, sing wadon awake luwih gedhe tinimbang sing lanang.

Malang kadhak : Mathentheng ngatonake kuwanene.

Mburu uceng kelangan dheleg : Ngangkah barang sepele, malah kelangan barang sing luwih gedhe.

Meneng wada uleren : Wong meneng bae naging duwe sedya ala.

Mubra-mubru blabur madu : Sarwa kecukupan uripe malah kepara turah-turah rejekine.

Mungkur gangsir : Wong sing ora gelem cawe-cawe, ora melu-melu tumindak.

Nandur pari jero : Gawe kabecikan marang wong liya kanthi pangarep-arep bisaa nampa piwales.

Nandur wiji keli : Ngopeni turune wong luhur.

Ngangsu banyu ing kranjang : Meguru, sawise oleh ngelmu ora dipigunakake.

Ngandhut godhong randhu : Pepindhane wong guneme mencla-mencle.

Ngalasake negara : Wong tumindak sageleme dhewe, ora ngelengi aturan.

Ngaub awar-awar : Ngenger utawa ngawula marang wong sekeng, wong sing ora sugih utawa ora duwe panguwasa.

Ngaturake kidang lumayu : Nuduhake rejeki sing angel pangalape (nyekele).

Nggantang sari : mbobot, meteng.

Nggarap sari : nggarap toya, menstruasi.

Nggayuh ing tawang : Wong duwe pepenginan sing tangeh bisa kaleksanan.

Nggugat kayu aking : Nggugat wong sing wis mati.

Nglancipi singating andaka : Nenangi (membangunkan) nepsune wong sarana diwaduli apa-apa sing njalari ora senenge atine.

Nglaler wilis :
Wong nglakoni panggawe nistha. Wilis = ijo.

Nglangkahi oyod mimang : Bingung. Mimang = oyod wringin, asring kanggo nulak bebaya sarana dikendhitake.

Ngubak-ubak banyu bening : Gawe rerusuh ing panggonan kang wis tentrem.

Ngubak-ubak suwakane dhewe : Gawe rerusuh ing wilayahe dhewe .

Nguyahi segara : Menehi barang (sumbangan) marang wong sugih.

Nrenggiling hangapi mati : Katone ora nggatekake barang sing lagi dirembug, nanging satemene nggatekake banget.

Nyalulu nruwelu : Wong mara menyang omahe wong duwe gawe nanging satemene ora diundang.

Nyawat abalang wohe : Wong lanang ngarah wanita alantaran sedulure wong wadon iku .

Nyundhang bathang bantheng : Njunjung wong gedhe sing wis apes.

Nyumur gumuling : Wong sing babar pisan ora bisa nyimpen wewadi, yen krungu warta sing wadi dicritakake kabeh (glogok sok).

Nguthik-uthik macan dhedhe : ganggu gawe wong sing lilih nepsune.

Oleh angin becik : Ana ungup-ungpe arep tampa kabegjan.

Ora ana banyu mili mandhuwur : Watak wantune anak mesthi kaya wong tuwane.

Pancuran kaapit sendhang : Anak 3 lanange 1 dumunung ing tengah.

Pantisari : Omah sing dumunung sing tengahing patamanan.

Rampek-rampek kethek : Nyanak -nyanak wong ala mesthi kena alane.

Rebut sari : Ungkul-ungkulan apike.

Sandhing celeng boloten : Sesrawungan karo wong ala, mesthi katute.

Sandhing kirik gudhigen : Sesrawungan karo wong ala mesthi katute.

Sanggar waringin : Bisa aweh pangayoman marang kadang kadeyane.

Salin slaga : Malih kelakuwane utawa pikirane . Slaga = Sing mbungkus kembang sadurunge kembang mekar (kelopak bunga).

Sarining pangan : pathi , zat pangan sing migunani awak.

Sawahe mung didol oyodan : Sawahe didol sapanenan. Ora sataun gadhu lan rendhengan.

Semut ngadu gajah : Wong cilik nadu wong gedhe.

Semut marani gula : Wong kang marani kamelikan (rejeki, pakareman, lsp)

Semut ireng anak-anak sapi
: Dewi Sapudi (garwa pangrembe Prabu Brawijaya Majapait) pekulitane ireng manis, peputra Bondhan Kejawan kang sinebut Lembu peteng.

Sendhen kayu aking : Digugat nganggo tameng wong sing mati.

Setan nunggang gajah :
Wong sing mung kepengin sakepenake dhewe.

Sinawuran sari ginanda wida jebat kasturi : Disebari kembang sing di urab wewangi saka dhedhes. Ganda-wida : dhedhes lan boreh. Jebat kasturi = dhedhes (wewangi saka klanjere rase. Jebat = kasturi.

Singidan nemu macan : Nyamar malah konangan panggedhene sing wis ngerti marang sedyane.

Sirat-sirat madu : Mung kanggo lelamisan bae.

Sulung alebu geni : Akehe pepeati ing paprangan, jalaran saben wadya sing arep lumawan mesthi mati.

Sumur lumaku tinimba : Wong sing kumudu-kudu dijaluki wuruk.

Suwe mijet wohing ranti : Pegawean sing gampang banget.

Taman sari : Patamanan , papan sing kanggo suka-suka parisuka.

Tengu mangan brutune : Wong dipercaya ngreksa barang-barang, malang dicolongi dhewe.

Thathit ngima unthit : Wong gedhe sing ngatonake pangwasane.

Timun jinara : Pakaryan sing gampang banget.

Timun wungkuk jaga imbuh : Wong bodho mung dianggo sedhiyan manawa ana kekurangan.

Timun mungsuh duren : Wong ringkih memungsuhan karo wong santosa.

Timun wuku gotong wolu : Pralambange R. Sutawijaya, jumenege ratu Mataram kanthi pambiyantune priyayi wolu yaiku : 1. Ki Pamanahan 2. Ki Jurumartani 3. Ki Jurukithing 4. Ki Buyut Wirasaba 5. Ki Panjawi 6. Tumenggung Mayang 7. Adipati Batang 8. Pangeran Made Pandan.

Trahing kusuma = rembesing madu = tedhaking andawarih : turuning bangsa luhur. Danawarih = danawa (buta) + arih (arih, mungsuh) = mungsuhe buta.

Tunggal banyu : Tunggal ngelmu, tunggal guru kebatinan.

Udan kethek macan dhedhe:
Udan nanging srengengene isih ketara.

Ula marani gebug :
Wong kang njarag marani bebaya.

Ula marani gitik :
Wong kang njarag marani bebaya.

Ula dhaulu :
Ula sing sirahe loro (mung ana ing dongeng).

Uripe aji godhong jati aking : Wong sing babar pisan ora kajen, disepelekake.

Wani cur-curan banyu kendhi : Wani sumpah.

Wanita srigunung : Wanita yen disawang saka kadohan katon ayu.

Wanita sritaman : Wanita yen disawang katon ayu saka cedhakan.

Wastra bedhah kayu pokah : Ketaton nganti putung balunge.

Wedang lelaku tumper cinawetan : Bocah karam jadah disirik kanca-kancane.

Witing tresna jalaran saka kulina: Sing njalari tuwuhe rasa tresna jalaran kerep srawung.

Wringin kurung : Wringin sing dipageri mubeng ing tengahing alun-alun.
posted by Rizky Gadis Belia @ 22.46   0 comments