About Me
Name: Rizky Gadis Belia
Home: JOGJA, Indonesia
About Me: judez+jutek+tledor
See my complete profile
Previous Post
Archives
Shoutbox

Lorem ipsum dolor sit amet, consectetuer adipiscing elit. Duis ligula lorem, consequat eget, tristique nec, auctor quis, purus. Vivamus ut sem. Fusce aliquam nunc vitae purus.

Links
Powered by

Blogger Templates

BLOGGER

 

 

 
  Kamis, 24 Februari 2011  
 
 
UPACARA ADAT JAWA

wetengan nembe bobot

1.Ngupat

Ngupat utawa ngupati iku salahsijining upacara adat sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 4 sasi. Tembung "ngupat" asale saka tembung papat (4) utawa kupat. Tujuane upacara adat iki kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala dadi padha karo upacara adat mitoni. Sing radha bedha karo upacara adat mètèng liyane yaiku ana sajian kupat neng kendhuren ngupati, kupat iki uga diserta'ake neng besek sing digawa bali undangan sing hadir.

Makna

Ngupat sejatine kanggo pralambang yen jabang bayi wis mlebu neng tahap kaping papat neng proses penciptaan menungsa.

Wektu

Upacara adat ngupat kudhu diselenggara'ake neng dina sing apik miturut etungan dina Jawa.

2. Ngliman

Ngliman iku salahsijining upacara adat wètèngan sing diselenggara'ake wektu calon ibu mbobot 5 wulan. Tembung "ngliman" asale saka tembung lima (5). Tujuane upacara adat iki padha karo ngupatan yaiku upacara kanggo keslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sifate tolak bala.

Upacara adat ngliman iki kurang dikenal neng dhaerah-dhaerah tinentu, bedha karo mitoni sing wis umum dikenal masyarakat Jawa malah uga dikenal neng masyarakat Nusantara.

3. Mitoni

iku asalé saka tembung pitu (7). Upacara adat iki diselenggarakaké wektu calon ibu nggarbini utawa meteng 7 sasi, tujuane kanggo keslametan calon bayi lan ibuné utawa kanggo sing sifaté tolak bala. Ing dhaérah tinentu, upacara iki uga diarani tingkeban.

Makna

Jabang bayi umur 7 sasi iku wis nduwé raga sing sampurna. Dadi miturut pengertian wong Jawa, wêtêngan umur 7 sasi iki proses penciptaan menungsa iku wis nyata lan sempurna neng sasi kaping 7 iki utawa Sapta Kawasa Jati.Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akeh tinimbang upacara ngupati, urut-urutane yaiku siraman, nglebo'ake endhog pitik kampung neng jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebo'ake kelapa gading enom), memutus lawe utawa lilitan benang (janur), mecahake wajan lan gayung, nyolong endhog lan terakhir kendhuren. Acara siraman mung diselenggara'ake kanggo mitoni anak pertama.Miturut adat Jawa mitoni iku kudhu diselenggara'ake neng dina sing bener-bener apik yaiku dina Senen awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuah awan nganti mbengi.

Rangkeyan acara

Rangkaian acara kanggo upacara mitoni iki luwih akèh tinimbang upacara ngupati, urut-urutané yaiku siraman, nglebokaké endhog pitik kampung ing jero kain calon ibu dening calon bapak, salin rasukan, brojolan (nglebokaké cengkir klapa gadling), medhot lawé utawa lilitan benang (janur), mecahaké wajan lan gayung, nyolong endhog lan pungkasan kendhurèn.

Acara siraman mung diselenggarakaké kanggo mitoni anak pisanan.

Siraman

Wektu

Miturut adat Jawa mitoni iku kudu diselenggarakaké ing dina sing bener-bener apik yaiku dina Senèn awan nganti mbengi utawa uga dina Jemuwah awan nganti mbengi.


posted by Rizky Gadis Belia @ 03.06  
0 Comments:

Posting Komentar

<< Home